Postingan

Menampilkan postingan dari 2020

ABYORE SRENGENGE

   kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2887671804845271&id=1684548218490975 Sore-sore abyore srengenge amadhangi ing brang kulon dirgantara, pangarepku iki kang bakal dumadi sesuk ing lembar anyar anepaki warsa selikur, kanthi panyuwun mugya sumorote bagaskara tansah madhangi arcapada, pra titah anambut amecaki dalan kebak sukarena lan puji sokur. Mungkasi warsa kang kebak duhkita, sumilire samirana dhesember adhem angresep ing nala, payo samya sung pepuji mring Gusti nyadhong Sih kadarman urip mulya, karumentahna mring saliring umat manungsa, kaleburna, kasingkirna sakabehing memala. JM, wayah sore, 311220         dening eNPe

GUMANTOSING WARSA

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2887214434891008&id=1684548218490975 Gumantosing wulan lan warsa sung panjanging umur kita, sayogya sengkud makarya, mrih kraharjan kulawarga. Gumantosing wulan lan warsa imbuhing kabegjan samya, tan wonten pageblug nyata, mung gesang sarwa mulya. Gumantosing wulan lan warsa kathah ing pangarsa-arsa, gesang ing padatan enggal, tan kendhat berkahing Sang Hyang Wisesa. JM, panutuping warsa 2020            dening eNPe

DARMANING DADI WONG TUWA

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2885166301762488&id=1684548218490975 Anglakoni darmaning dadi jejering wong tuwa iku temtu ora gampang. Ing saben owahing umur anak tansah nduweni bab-bab pribadi lan kabutuhan beda-beda. Senadyan jroning owahing umur kang beda-beda mau ana kabutuhan utama kang padha, yaiku pangayoman rasa aman lan rasa ayem saka wong tuwane. Minangka wong tuwa kita kerep ngadhepi pangudi-daya sing jumbuh saemper kabutuhan dhasar. Nalika anak kaancem kaslametane, kita duwe rasa kuwatir malah bisa mbingungi. Ananging aywa sumelang dene kita ora dhewekan. Kejaba sisihan, kita nduweni Gusti Allah kang Maha Pirsa ora bakal negakake kita ngadhepi dhewekan ing kahanan mau.  Yen kita kanthi mantep sowan ing Ngarsane nyuwun pitulungan, pracayaa!, Gusti bakal nuntun lan sinung kaslametane anak. Kadyadene ing Pangandikane "Was sumelangmu pasrahna mring Pangeran Gustimu, temahan sliramu mesthi rineksa"(Jabur 55:23) Krana mangk...

NATAL WUS PRAPTA

   kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2882759825336469&id=1684548218490975 Donya kadhemen gumregut kaku.. tentrem kang sanyata datan tinemu.. Pageblug anrajang nggegirisi estu.. dugeng samangkya datan kandheg mangu. Lamun Sabdaning Gusti kang dumadi.. Sih katresnanNya rumesep jroning ati.. Pra titah ngagungken Asmanya Gusti.. saindhenging jagad raya salumahing bumi.   Pra umat disayogyani sinung pawarta sukarena.. salir kang winartan, kaeraman samya.. wit kababaring kabegjan mring jagad warata.. jejering Sang Pamarta wus prapta. Mendah Agung Sih katresnanNya.. tentrem rahayu kang pinanggya.. ing antaraning umat manungsa.. sinung basuki kababar mring kita.       🌟🌲   *Sugeng NATAL* 🌲🌟 JM, dalu suci, 251220       dening eNPe           ===###===        * NATAL TELAH TIBA * Dunia kedinginan menggigil banget.. kedamaian sesungguhnya tak kunjung.. pandemi mengh...

NALIKANE_CILIKANKU

    kaunggah uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2880689085543543&id=1684548218490975 -ing pandongane Ibuku-    sumber : kpj 381: 1,2,4 Nalikane cilikanku, kepati senengku; tan nate ana pasambat, bungahku tan kendhat. Sorene sawise sepi, ibuku memuji, ing pandonga kang ingatur, jenengku sinebut. reff : Pandongane ibu anyebut jenengku; ing pandongane ibuku tansah anyebut jenengku. Aku sangsaya kelingan, jroning kasusahan, yen urip lagi cilaka, atiku nalangsa; sakal eling mring ibuku kang sujud manengku; ing batinku trus keprungu, anyebut jenengku       《 reff. Sawusnya ibu tan ana, wit sowan Sang Rama, nanging dhawuhe mring aku, kang tansah dakgugu. Mbesuk ing kana tinemu, barengan sumungku; pamujine kang dakrungu, anyebut jenengku.      《 reff. JM, rolikur_desember_rongpuluh                             dening eNPe  gubahan lagu,  DI ...

KEBAK PRIHATIN

        kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2879831462295972&id=1684548218490975 Saben pendhak byar tansah keprungu pawarta kang ora becik. Negara kadya ana paperangan memungsuhan antaraning bangsane dhewe.  Banget mrihatinake .... Kapan bangsaku iki bisa rukun ambangun praja?... Udreg-udregan, regejegan, nyebar warta kang bisa gawe miris ya nyebar winih sesengitan antarane golongan siji lan sijine. Kabeh mau pikolehe apa... ora ana liya amung gawe kisruhing swasana urip bebrayan ing tengahing masarakat. Apa maneh wekasan iki para duratmaka tumindak wengis kamitegan natoni luwih-luwih nganti tekan patine sapepadha.... oh kok ya nggegirisi kahanan iku. Kang kasuwun...  dhuh Gusti pinaringana para kadang kawula sami pikantuk pangaksama awit saking tumindak mblasar.  Mugi Gusti sinung karukunan tumraping bangsa Indonesia.... tinebihaken saking bebendu Paduka....  Rinaketaken pasedherekan nunggil bangsa.... ajen-ingaj...

AJAKAN MRATOBAT

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2879204769025308&id=1684548218490975 Iblis ora kandheg anggone nggodha lan ngajak manungsa ing tumindak dosa lan ninggalake Gusti Allah. Suwalike, senadyan manungsa wus tumindak dosa lan ngedoh saka pangayunan-Ne, Gusti datan kendhat nimbali ngajak manungsa mratobat bali marek ana ing ngarsa Panjenengane. Dene yen dhawuhe iku diestokake, temahan Gusti bakal bali angasihi kanthi eklas sukarena. Dhawuh ajakan mratobat ora ana liya kanggo kabecikane umat manungsa kang diAsihi. Lamun gelem mratobat, Gusti Allah bakal mbereg lan ngapura dosa-dosane lan mbalekake kahanane manungsa urip setya tuhu. Panjenengane badhea rawuh sinung kasegeran anyar saengga pra Umat-E bali angganda arum kadya sesekaran kang nedheng-nedhenge mekrok. Temahan andadekake berkah tumraping wong akeh. Pamratobatan iku kudu diwiwiti kanthi ngakoni sakabehing kaluputan lan dosa-dosane ing pangayunan-Ne. Pangakon iku kudu binarungan ngedohi...

TUMAPAK NINGGALAKE WARSA

Gambar
      kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2876992449246540&id=1684548218490975 Tumapaking wektu datan rinasa.. wus ngancik ing pungkasaning warsa.. yaa warsa kang kebak prihatin samya.. saliring sumpena ambyar sanalika binarung pra kadang nalangsa. Jroning wulan mungkasi warsa puniki.. den pangarepan kang kaesthi.. nedya angantu wujuding pakarti.. kang karancang pamarentah nagari. Madyaning wulan tumuju tanggap warsa enggal punika.. pandheganing nagari tatag paring panetepan.. yaa panetepan (vaksin) murih lestarine sabangsa.. nyantosaake kalis sing pageblug lan memala. Mendah agung Sihe Gusti.. karaharjan kang tinampi.. saliring kawulaning praja NKRI.. samya asung pambagya ing pamuji. Salam sehat! Salam rahayu samya!.. kita bangsa Indonesia kang mulya.. tumapak ninggalake warsa.. rongewu rongpuluh warsa lelimengan pra jalma. JM, madya desember'20           dening eNPe

NGELMU KAWICAKSANAN LIMANG DRIJI

     kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2875799049365880&id=1684548218490975 👍Ana si lemu Jempol sing tansah ujar Becik lan aweh Alem.. ☝️Ana driji si Panuding sing senengane Nuding lan Mrentah.. 🖕Ana driji si Panengah sing gumunggung rumangsa dhuwur dhewe.. 👌Ana driji si Pamanis kang tansah dadi tuladha, apik lan sabar memper yen pinasang kalpika 🤙Ana driji wuragil si Jenthik sing tansah ngalah lan manutan. 🖐Krana nggambarake bedane siji lan sijine kang becik lan ala sing diduweni dening saben driji... kabeh iku Manunggal kanggo njangka gegayuhan siji kang padha (gotong royong). 🖐Coba kita gagas, lamun tangan kita drijine amung arupa jempol kabeh? rak ya mesthine ora pepak! ✊Kita kalairake anaing saliring werna beda-beda kang kita duweni kanthi nedya kanggo Manunggal yaiku : 🤝padha dene anresnani.. 🤝padha dene tulung mitulungi.. 🤝padha dene aweh pambiantu.. 🤝padha dene amepaki.. 🤝padha dene angajeni.. Kosok baline, ora kaangg...

TOKO ADOL CALON GARWA

   kaunggah uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2874617319484053&id=1684548218490975 Sawijining toko kang adol garwa (calon) nembe buka, ing kono priya bisa milih wanita kang didadekake garwa. Sawetara ing lawang mlebu dipasang tatanan carane mlebu toko kasebut : 1. Para tamu pikantuk lan saged mlebed toko NAMUNG SEPISAN! 2. Toko punika wonten 6 loteng, saben loteng mratelakaken calon garwa. Sangsaya inggil loteng, sangsaya inggil tingkataning wanita kasebat. 3. Para tamu saged milih wanita ing loteng kapilih utawi ing loteng candhakipun, nanging kanthi paugeran BOTEN SAGED MANDHAP MALIH ing loteng saderengipun, kejawi medhak kangge medal saking toko." Kacarita, ana pria nekani toko iku saprelu golek calon bojo. Ing saben loteng tinulis mangkene iki : *Loteng 1 * "Wanita ing loteng iki setya mring Agama & Pinter Masak." Priya iku mesem, nuli dheweke munggah menyang loteng candhake. *Loteng 2* "Wanita ing loteng iki setya mring Agama, Pinter ...

SALAM SEHAT JRONING PANGAREPAN

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2872659109679874&id=1684548218490975 Desember 2020, wulan pungkasan ing warsa pageblug.. 20 dina mangarep, kita bakal mungkasi taun iki... Warsa iki mujudake sejarah dawa jroning sata warsa (abad) iki.. sejarah kang padha ing salumahe bantala iki.. ora amung kita para diwasa, malah bocah-bocah uga nyathet sejarah iki.. Anak-anak dumadakan jroning 10 sasi iki kudu sidhem lan sinau nang omah wae.. Sing adade rame dolanan bebarengan ro kancane dadi sarwa winates.. Warsa iki kita kira-kira amung 60 ari urip ing adad kabiyasan yaiku nalika mlebu napaki warsa iki.. Sabanjure iku.....  Nalika mlangkah ing wulan Maret, kita urip kudu ngugemi saliring paugeran kesehatan yaiku manganggo masker, wijik tangan lan njaga wates... Ujug-ujug, tan nyana tan kinira..  Saliring tatanan urip dadi owah-owahan anyar... Dumadakan bae kita samya duweni adad kabiyasan kang padha dene kudu dilakoni... Ujug-ujug bae kita...

ANGGAYUH TUMUJU CAHYA

   kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2868924456720006&id=1684548218490975 Mandhegani sawijining wewengkon praja ora kok amung bisa golek aleme utawa sinuba-suba masarakat sajroning lima utawa sepuluh taun mangarep. Ananging kepriye bisa anganthi rakyat ing dalan tumuju kang luwih becik, senadyan kanggo ngranggeh gegayuhan mau kita kudu bebarengan guyub kanthi rekasa ngombe pait getire pangupaya mau. CAHYA bakal sumunar sawuse sumilak pedhuting mendhung pepeteng. Mandhegani praja ora ateges kepriye supaya bisa MISUWUR, ananging kepriye carane bisa nedya anggayuh kahanan kang kaesthi luwih becik/rahayu ing tembe wektune.  Pambangunan ora tansah lan mesthi sarwa manis/kepenak, lumakune mbutuhake pangurbanan kang ora sethithik kepara pait rasane. Ananging, kabeh iku kaprelokake tumrap mujudake CAHYA kang nyumunari ing tembene. Kita sabangsa ora sarujuk lamun Indonesia ana ing palimengan. Nanging sejatine CAHYA bisa luwih ngrembaka nyumunari...

REREPEN ENJANG

     kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2868268200118965&id=1684548218490975 Gumregah saka ing tilamrum kasrepen rumesep hawa esuk anrawang pangangen Nitenana sihing Gusti kang mbanyu mili ywa manut bujuking iblis wohe mung pati Nadyan den iming-imingi bandha sadonya milaur setya mring Gusti sinungan begja Iblis nggendeng nilar Allah jer tanpa guna milaur manteb pracaya gesang raharja kanthi sumarah mring Gusti Allahira kasorna dosa jer mursid panggah ndedonga JM, gagat bangun, 61220          dening eNPe

SAKANTHONG WINIH KACANG

       kaunggah uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2865753640370421&id=1684548218490975 Kenya nom-noman duwe kangsenan ketemu karo juragan sugih ing kutha, mawa pengarepan bisa oleh dana. Si kenya nyaritake kahanan desane lan sarana pendhidhikan kang sarwa kekurangan lan mrihatinake nuli nyuwunake derma kanggo biantu. Sang juragan ujar, "Ee ndhuk, kowe kleru dununge, ing kene dudu badan sosial sing aweh dana derma gratisan. Yen pancen bocah-bocah desamu ora bisa sekolah iku nasib-e. Kenapa aku sing kudu biantu?", ujare sengak karo mlengos. Sajake si juragan ora pracaya yen cah wadon iku kanthi tulus lan jujur. Cah wadon mau rumangsa nglokro upayane ora oleh asil. Sadurunge pamitan, dheweke nyoba meneh, "Pak, menawi mekaten, punapa kula pareng nyuwun ngampil sakanthong winih unggul wiji kacang ingkang tansah bapak tanem? Kaanggep mawon dinten menika bapak biantu lan kula sagah boten badhe ngregoni bapak malih." Kanthi gumun lan kepengin supa...

KAWUSANANING PANGAREP-AREPAN

     kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2862480090697776&id=1684548218490975 Angantu-antu sawijining pangarep-arepan pancen ora gampang. Apa maneh lamun manungsa lagi ana ing kahanan kang sarwa ora pinesthi, gojag-gajeg iya lan orane. Senadyan mangkono, ora sethithik uga ana wong-wong kang setya angantu tumekane pangarep-arepan kang durung pinesthi mau. Ing jroning pangrasaning ati isih duwe kapracayan bakal prapta apa kang sinedya. Kadya wus kawuningani dening kita kabeh, ing negara seindhenging papan ing donya iki lagi ngalami pageblug Covid-19 kang nggegirisi. Para pemimpin, panguwasa, pamong praja padha angupaya pambudidaya mbendung panyebarane Covid-19. Para dhokter dalah saliring tenaga kesehatan kanthi tulusing ati ngayahi jejibahane ngupakara para kurban kang ketaman lelara Covid-19. Ing kahanan kaya mangkono iku, mratandhani dene kita manungsa isih duweni pangarep-arepan bisa luwar saka ing pageblug iki. Senadyan ta kita kuwur i...

KEPENGIN LANGSING ?

    kaunggah uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2858820431063742&id=1684548218490975 Saben esuk tangi turu Yulia mbingungi lan katon sedhih ngrasake awake sangsaya melar. Yulia meri dene kanca-kancane racake duwe awak langsing/lencir sing endah katon merak ati. Dina candhake Yulia netepake nedya priksa dhokter spesialis. Kanthi giyak enggal nemoni dhokter spesialis. Yulia: "Dhok! aku duwe masalah gedhe dhok!" Dhokter : "Bab apa? katone Mbak sehat-sehat bae, ora ana bab sing nguwatirake!" Yulia : "Apa dhokter ora bisa nyawang awakku iki! " karo sajak kesel. Dokter mung mesam-mesem bae... Yulia : "Dhok! tulung nyuwun obat sing bisa gawe awakku susut dadi lencir". Dhokter mangsuli, "Yen mBak kepengin susut dadi lencir, mBak ora prelu ngombe obat. Mbak cukup nggedheke sirah mBak ngiwa lan nengen". Yulia : "Mung iku bae dhok? (wangsulane Yulia kebak semangat). Banjur kapan aku kudu nggedhek-nggedheke sirah, esuk, a...

ASIH MESTHI ALUS BEBUDENE

    kaunggah uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2857195001226285&id=1684548218490975 Asih mesthi alus bebudene, kebak pangapura, jembar ing ati. Sih-katresnan Paduka dhuh Gusti, sestu alus ing budi, kebak pangaksami,  saha sarwa mirah ing nala kang suci. Kawucalana kawula tresna-tinresnan, dhuh Gusti, kawucalana kawula aksama-ingaksama mring sasami. Karumentahana kawula Sih-katesnan Paduka dhuh Gusti, Tresna Paduka ingkang agung saha langgeng lan suci. JM, sandyakala, 221120           dening eNPe       ##======## KASIH PASTI HALUS BUDINYA Kasih pasti halus budinya, penuh pengampunan dan murah hati. Cinta Kasih Mu ya Tuhan sungguh halus budi, penuh pengampunan serta serba murah hati yg suci. Ajarilah kami saling mengasihi ya Tuhan ajarilah kami saling memaafkan ke sesama. Limpahkan kami Cinta KasihMu Tuhan, Cintamu Yang Agung tak terbatas dan kudus.

ENTHUNG, -pasemon-

     kaunggah uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2855078551437930&id=1684548218490975 Ana bocah cilik lagi nggethu migatekake bolongan cilik sawijining enthung. Ing kono ana bakal kupu katon lagi ngudidaya mlungsungi arep metu saka jroning enthung liwat bolongan cilik iku. Saking kekeselen si bakal kupu mandheg anggone upaya, sajake wus ora ana gunane upayane nedya metu saka bolongan cilik ing enthung iku. Nyipati kedadean iku, si bocah thukul rasa mesakake njur duwe krenteg arep biyantu bakal kupu metu saka jero enthung. Si bocah njupuk gunting njur wiwit ngati-ati mbedhah enthung iku supaya bakal kupu sing lagi mlungsungi bisa metu lan enggal dadi kupu bisa mabur. Nanging kocapa, bakal kupu ya si enthung iku awake cilik isih mlembung, suwiwine isih mengkerut durung metu. Si bocah njingglengi karo ngarep-arep suwiwi kupu enggala megar lan bisa mabur menclok kekembangan ing taman. Pangarep-arep ya kari pangarep-arep bae. Bakal kupu kepeksa ngent...

IBA AGUNG RIPTANE GUSTI

       kaunggah uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2854291448183307&id=1684548218490975 Sato kukila ngoceh merdu rumesep ing wanci esuk  ganda arum sumedhot trusing ati iba tentrem urip ing padesan Sumilak gebering wanci esuk eseming bagaskara ing brang wetan madhangi ngare endah sinawang iba agung riptane Sang Hyang Widi Ara-ara ijo lan birune samodra arga lan alas rungkut gung liwang liwung pinenthang jembaring cakrawala iba agung riptane Sang Hyang Wisesa Namung Paduka dhuh Gusti Kang Ma'Suci namung Paduka dhuh Gusti Kang Ma'Agung Paduka Sang Pangripta jagad raya konjuk puja-puji ing enjing punika JM, esuk sumilak, 191120          dening eNPe

WUS TINILAR LIMENGE RATRI #panglipurdriya

    kaunggah uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2851559345123184&id=1684548218490975 Wus tinilar limenge ratri padhang raina kang gumanti rasa uwasku wus sumingkir pinasthi rasa tentrem jroning ati Sakehing eluh mripatku kausap salembar kacu kasusahan lan rasa duhkitaku sirna sumingkir saka ing kalbu   Duk samana sureming ati nanging sinungan trange Gusti urip kamulyan den peperti jiwaku kebak rena sarwa adi Iba agung Sihe Gustiku sinung yekti rahayu berkahing datan kendhat estu urip ana ing tentrem rahayu JM, esuk sumilak, 161120        dening eNPe

DESA MAWA CARA, NAGARA MAWA TATA

  kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2849451662000619&id=1684548218490975 Irah-irahan ing ndhuwur mujudake tembung paribasan kang ngemu teges, sawijining desa duweni tata cara dhewe (adat kabiasan), samono uga sawijining nagara duweni tatanan dhewe (awujud undhang-undhang) Paribasan iku dietrapake kanggo nuduhake dene saben tlatah duweni adat kabiasan kang ngatur tatanan urip kang kudu diugemi dening wargane. Lamun sawijining desa utawa nagara ana tatanan aturan dhewe, samono uga Gusti Allah Kang Akarya Panguripan. Panjenengane minangka Kang Maha Wisesa kagungan paugeran awujud Pangandikane kang kawedhar ing Kitab-kitabe para Suci nedya nata uriping manungsa ana ing dalan kayektene Gusti. Gusti Allah nedhakake lan nata umat titah-E supaya tansah urip saturut karo kersa-Ne lan paugeran-Ne. Panjenengane dhawuh ana ing Sih kadarman lan kawicaksanan kang dadi wewengkon kawasa-Ne. Gusti Allah ngersakake manungsa bisaa dadi Sarana lan Sisihan kang nguge...

MOKAL PAMIKIRE MANUNGSA, ORA MOKAL ING NGARSANE GUSTI

  kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2847589645520154&id=1684548218490975 Pepeteng/palimengan sajatine dudu ora anane pepadhang, nanging mujudake sawijining keyakinan dene pepadhang datanpa tumeka maneh. Jroning swasana sing peteng, mokal banget wong nyawang padhang! Ewasamono, ana saperangan wong sing ana lan tetep duweni keyakinan lan pangarepan mring dumadine pepadhang. Kahanan iku wujuding pemancasan/penghakiman Allah kang diantu-antu wong-wong kang ana ing dalan kayekten (kebenaran Ind.)  Iku nggambarake nalika pangadilane Allah dietrapake ing donya. Sarta ora gampang tetep pracaya kanggo duweni pangarepan ing tengahing kahanan sarwa rekasa. Panuwunan pangarepan iku kadya pepindhan wanita ngandheg kang lagi angudidaya kanthi nandhang kalaran ngenteni olehe babaran kang wusanane bakal nemokake sukarena gedhe kang den antu. Panuwunan pangarepan iku binarung keyakinan mring pamengku lan pangaubaning Gusti Kang Maha Asih. Iya kaya mangkono, ...

GUSTI PEPADHANGING MARCAPADA

  kaunggah uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2846567652289020&id=1684548218490975 Mugya cahyaning pepadhang kang abyor saking Gusti Gusti Pepadhanging Marcapada sumunara salumahing bumi Palimengan kasirnakna duraka miwah ing dosa Mawi cahyaning surya amadhangi kadang samya Pepadhange Gusti, mugya nyunari kita samya Katawisa saking cipta-ripta dalah krenteging driya Sumarah myang Kang Ma Kwasa iba ta raharja gesang kita Sinung yekti sarya Sih Kadarman-Nya bagas saras jiwa miwah sarira JM, gagat bangun, 111120          dening eNPe

PANGUDIDAYAN KEPAHLAWANAN KAMANUNGSAN

Gambar
    kaunggah uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2845572822388503&id=1684548218490975 Ing kampung Prawiran ana kanoman telu Sarju, Bejo lan Diman nedya budhal menyang kutha. Srana ngepit tetelune iring2an ing dalan kampung sing biasane sepi marga pageblug Covid-19, nanging kok ana rame2 ya, ana pa iki? ngono batine tetelune. Enggalan kanoman2 iku mudhun saka pit-e njur nyedhaki salah sijine sing lagi ngumpul, si Bejo takon : "Enten napa pak kok rame sanget?" "Oh.., niku enten bocah nembe bengok-bengok, duka niku nembe sakit napa nggih?", wangsulane salah sijine wong ing kono. Tetelune, banjur nrobos mlebu omah lan ditemoni ana bocah umure kira2 6,5 taun gumlethak ing jogan karo gero-gero ora ana sing ngancani.  Si Bejo sing duwe pengalaman PPPK ing pelajaran Pramuka, enggal nemplekke tangane ing bathuke si bocah, wahh panas banget kih. Si Bejo karo bengok : "Nang ngendi kih wong tuwane?" "Ora ana mas, pakne lagi ngojek, makne lagi...

JURUNG PANDONGA MRING PEMIMPIN

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2841902182755567&id=1684548218490975 Asring banget kita nyumurupi pawarta ing 'media komunikasi' teve, medsos para pandhega ya pamong praja katangkep nampa besel jroning OTT kang ginelar dening KPK. Malah sing mrihatinake panegak ukum ing lembaga ukum tumindak kang nguciwani iku. Kudune ngayomi rakyat, eee lha kok malah gawe wirang tatanan ukum. Crita sawijining pemimpin kang kapilut nresnani bandha donya rila ngijolake kabeneran, kajujurane lan kajumenengane wus kepara jamak kaya wus ora duwe isin. Sangsaya dhuwur drajad kajumenengane sangsaya gedhe godhane sing nyerang, yen nganti kurang prayitna bisa gumampang tiba ing tumindak dosa. Kadya ana benere ing paribasan, "Sangsaya dhuwur sawijining uwit sangsaya kenceng angin anrajang!" Dadi jejering pemimpin, apa iku pemimpin negara, agama, lembaga apa bae, ringkih ing mentale gumampang kejlungup tumiba ing tumindak dosa. Ya awit krana mangkono iku, pe...

WUS PRAPTA

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2840928789519573&id=1684548218490975 Den panjangka wus tumeka dedalane datanpa pepindha krana panjurung donga sinung nugraha Hyang Wisesa Den sedya wus prapta pungkasaning karipta winisuda dumadi kang ngreksa meperti lan upaya bagasing denta Puja puji konjuk Gusti Maha Kwasa datan kendhat kanugrahan-Nya tansah sumempyok mring amba kabungahan wus binabar ngegla JM, esuk sumilak, 051120          dening eNPe

NADYAN PRAHARA GEDHE

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2839991522946633&id=1684548218490975 Nadyan prahara gedhe anrajang baita.. palwamu horeg was-was rasa ing nala.. Nadyan nora kuwawa terus tataga.. masiya rekasa wusana kaendahan kang tumeka. Jroning palimengan datan soroting cahya.. duhkita uga tansah tumeka.. Ajwa kendho, welahana luwih rosa.. bakal tinemu rahayu lan suka rena.   Reribeding prahara wus sirna.. ciuting nala sirna kasingkur saka ing ombak.. Nyanyi pepujian nelayan ngalun swaranya.. pratandha palabuhan wus cedhak. Iba tentrem urip ing pangaubaning Gusti.. tinemu kadang tinemu karaharjan.. Adoh saking duhkita suka rena kang gumanti.. berkahing Gusti samya kasinungan. JM, parak esuk, 41120        dening eNPe

AYWA GUMUNGGUNG

      kaunggah uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2838623596416759&id=1684548218490975 Supaya kreta tetep bisa lumaku rodhane kudu terus muter, ana saperangan sing kala-kala dununge nang ndhuwur uga kalane nang ngisor. Panguripaning manungsa iku uga kadyadene rodha. Nalika lagi ing ngisor, elinga yen kita uga tau ing dhuwur. Mulane ora prelu rumangsa ora piguna yen pinuju lagi ing ngisor urip rekasa, lan suwalike yen pinuju dununge ing dhuwur ya ajwa gumunggung kumalungkung nglalekake kahanan nalika susah. Mulane iku tumrap kita kang lagi ketaman kasusahan, aywa cilik ati, sedhih utawa ora duwe pangarepan. Gusti bakal tansah sinung pangarepan sarta dalan lan carane uwal kang becik dhewe. "Sawuse udan katon kluwung/plangi! Prahara pesthi sumingkir!", anggere kita sumendhe lan setya mring Gusti. Sawetara iku, tumrap kita kang lagi rumangsa dununge ing dhuwur urip sarwa mapan kepenak, ajwa gumunggung kumalungkung lan nyepelekake sapepadha kang lagi...

NGENDHALENI KANEPSON - pituture simbah -

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2835256816753437&id=1684548218490975 Ana bocah lanang sing gampang nesu-nesu tansah ngumbar kanepson sakepenake wudele. Bapake saking judhege ngatasi iku njur maringi sabungkus paku lan dhawuh nang bocah iku yen saben nesu kudu nancepke paku nganggo palu ing pager. Ing dina sepisanan bocah iku nancepke paku ing pager 12 cacahe (ateges sedina iku olehe nesu kaping 12) Bocah iku karo mikir mbaka sethithik wiwit nyuda olehe nesu. Krana mangkono dina-dina candhake cacahe paku sing kudu ditancepke suda ing saben dinane. Si bocah njur mikir-mikir maneh jebulane ngendhaleni muntabing ati bisa gawe mareming ati nadyan rada angel tinimbang nancepke paku ing pager. Wusanane, ing sawijining dina si bocah ora nesu babar pisan. Enggalan ngaturi pirsa bapake kabar iku. Sang bapak banjur dhawuhi supaya si bocah wiwit saiki uga njabuti paku saben dinane kanthi pangangkah bisa ngendhaleni muntabing ati (nyuda kanepson). ...

AMBYAR PENGGALIHE SANG IBU

     kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2834291303516655&id=1684548218490975 Ing kutha cilik, kacarita ana bu guru (randha tininggal sisihane) nggedhekake anake lanang ontang-anting kang tansah bekti lan bangun turut mring wong tuwa. Kebak rasa sokur lan rasa asih sang ibu mbudi daya nyekolahke anake nganti tekan Amerika. Sawuse rampung kuliahe si anak nyambut gawe ing kana, tuku omah njur omah-omah entuk wong kana diparingi momongan lan uripe sarwa kacukupan klebu sugih. Sang ibu isih panggah urip dhewekan ing kampung mbacutake olehe mulang. Sang ibu duwe angen-angen yen wus pensiun kepengin nusul anake nang Amerika, NANJAKAKE WEKTU TUWANE KUMPUL anak, mantu lan putune. Telung sasi sakdurunge pensiun, sang ibu kirim layang menyang anake NGABARI KRENTEGING NEDYA kumpul urip ing Amerika. SAWUSE GEDHEKAKE ANAKE, sang ibu duwe pangangen ing wanci tuwane anake bakal DADI  GONDHELAN URIPE. Ing IMPEN-IMPENANE sang ibu, para sadulur lan ka...

DINA PUNGKASANING JAMAN - renungan siang -

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2831802237098895&id=1684548218490975 Bebendune Gusti iku mratelakake dene Dina wancine Gusti mujudake puncaking sejarah, uga pungkasaning jaman.  Ing dina iku Gusti Allah bakal nibakake sekel ing penggalih awit dedukane Gusti mring umate kang mblasar. Ora ana dalan kanggo mlayu ndhelik, anane hamung kasusahan lan kasengsaran kang nggegirisi. Gegambaran ing ndhuwur paling ora ana empere karo kedadean-kedadean lindhu lan lemah longsor sarta sawernane ruwida alam kang andadekake akeh kurban jiwa ing salumahe bumi. Kadadean iku andadekake wong-wong kang ora duwe daya sangsaya ngalami duhkita ing tengahing swasana ruwida. Bisa bae kadadean-kadadean iki ukumane Gusti bisa uga dudu.., hamung Gusti Allah kang pirsa. Prayogane kita wujudake sih-tresna bebarengan asung pitulungan mring sapepadha kang nembe ketaman kasusahan murih bisaa pulih kuwat maneh. Tresna angasihi mring sapepadha iku kersane Gusti kang ...

CRITA IBU LAN JURU KUNCI

      kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2827286947550424&id=1684548218490975 Ana sopir mudhun saka montor mewah ing ngarep kuburan. Dheweke mlaku tumuju pos juru kunci kuburan, celathune : "Pak, tulung temoni ibu-ibu nang njero montor iku, marga sedhela maneh dheweke bakal tilar donya." Juri kunci kuburan iku enggal-enggal gegancangan mlaku rikat nemoni ibu-ibu sing ana montor mau. Piyayi putri karo lemes lan pasemon sedhih buka lawang montore, karo mesem lan ujare : "Aku..., sing seprana seprene ngirim dhuwit saben rong minggu pisan supaya ditukokake sapantha kembang saperlu didokokake ing dhuwure pusara anakku. Aku mreloke mrene nedya arep nekakake pamatur nuwunku awit saka pitulungan lan kabecikanmu." Ooooo..., dados Ibu ingkang asring ngintun yatra ta? Nyuwun duka bu, pancen yatra ingkang ibu kintunaken tansah kula tumbaske sekar, nanging... kula boten nate nyelehaken ing nginggil pusara putra Ibu..", wangsulane si juru kunci ...

KUTUB URIP KANG UNGKUR-UNGKURAN

   kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2824355511176901&id=1684548218490975 Sawijining pepenginan/kasedyan iku becik-becik bae, nanging yen kasedyan dibarengi banget nepsu kanggo anggayuh dadine nguwatirake. Kosok baline wong kang ora duwe pepenginan bakal ora kuwat ngadhepi alangan nalika arep nindakake gegayuhane.  Nanging wong kang pepenginane kuwat banget dikantheni nepsu rumangsa yen paling apik dhewe, kang bisa kurang plega lan ora waspada temahan bisa-bisa kami-tegan nyingkirake wong liya, bebujuk ala, nyebar pitnah bisa nganti tega mateni wong liya. Apa sejatine sing nggegilut atine manungsa kadya kutubing panguripan kang sarwa ungkur-ungkuran?   Lamun manungsa tumindak kabecikan , uripe sareh kebak sih katresnan mring sapepadha, jujur, loma seneng ambage murah esem, gampang tetulung lsp lsp. Manungsa kang asipat kaya mangkono iku awit krana berkah lan kagilut dening Roh Sucining Gusti kebak kawicaksanan.   Ananging, kos...

WULANG BEBASAN

   kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2822585074687278&id=1684548218490975 Gegayuhan utama jroning urip iki yaiku kanggo aweh pambiyantu wong liya. Lamun sliramu nora bisa biyantu luwih prayoga aywa gawe runtik atine mring liyan. Ambage esem kanthi tulusing driya iku kang prayoga bagya ayem tentrem kang tinemu murakabi tumraping liyan. Lamun nemoni bab kang bisa diowahi lan dibenerake,  sajroning kahanan iku sliramu bisa nandangi, mula nora prelu was sumelang.  Dene yen nora dibenerake uga nora kudu nguwatirake  jalaran nora ana paedahe kuwatir babar pisan. Wektu lumaku rikat datan ana alangan, nora bisa muter bali wektu kanggo ngowahi kaluputan, nora elok hamung sedheku keduwung bae kang bisa kita ayahi migunakake wektu samengko kanthi luwih becik. Kita datan nate bisa pikoleh katentreman ing donya iki  nganti kita nyalarasake mring awak kita dhewe. tansah sumendhe lan nyadhong panuntune Gusti, berkah karahayon-Ne kang pi...

NYINAONI SUMUR -pasemon-

Gambar
     kaunggah uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2821287161483736&id=1684548218490975 Sumur nadyan tansah ditimba saben dinane banyune tetep bae bening lan ora nate kasatan. Nanging anehe, sedina utawa rong dina banyune ora ditimba, dhuwure banyu uga tetep ora mundhak dhuwur kadya ing sakawit. Sumur sing ora nate dijupuk banyune, malah bisa andadekake banyune mambu, reged lan ngandhut racun kang wusanane ora prayoga dianggo ngombe. Iki sing diarani 'hukum alam'.... Jroning alam ana wewadi ('misteri') kang njalari tansah ambage lan anjaga imbange panguripan... Sejatine ing panguripan kita uga padha lan memper kadyadene sumur iku... Racake wong-wong padha mikir dene nalika  kita menehi apa kang kita duweni bakal nyuda saka kang kita duweni mau... Yen kita nyoba gagas lan nyinau kadya pasemon sumur iku, sangsaya akeh lan kerep anggon kita menehi mula bakal sangsaya akeh banyu kang mili marang kita. Bab paweweh iku ora kudu arupa dhuwit utawa b...

JUJUR

      ksunggah uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2815559178723201&id=1684548218490975 Wong bener kang lakune jujur, tedhak turune padha rahayu. Seksi goroh mesthi bakal nampani paukuman,  sarta kang ngucapake cidra bakal sirna. Tetembungan kuwi bisa dadi sumbere kawicaksanan, jerone kaya samodra lan seger kaya ilining kali. Ora prayoga mbenerake wong salah lan nyalahake sing bener ana ing pengadilan. Wong sing jujur uripé ayem,  nanging wong sing nyleweng bakal konangan. Wong sing ora blaka kuwi gawe susah, wong sing ngandhakake sabenere nekakake katentreman. Tembunge wong jujur kuwi kadya pancuraning urip,  tembunge wong juru apus isi panganiaya. Rahayu wong kang tansah lumaku ana ing dalan kang bener jaragan adoh saka ing panggodha. JM, sandyakala, 91020           eNPe