PANGUDIDAYAN KEPAHLAWANAN KAMANUNGSAN
kaunggah uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2845572822388503&id=1684548218490975
Ing kampung Prawiran ana kanoman telu Sarju, Bejo lan Diman nedya budhal menyang kutha. Srana ngepit tetelune iring2an ing dalan kampung sing biasane sepi marga pageblug Covid-19, nanging kok ana rame2 ya, ana pa iki? ngono batine tetelune.
Enggalan kanoman2 iku mudhun saka pit-e njur nyedhaki salah sijine sing lagi ngumpul, si Bejo takon : "Enten napa pak kok rame sanget?"
"Oh.., niku enten bocah nembe bengok-bengok, duka niku nembe sakit napa nggih?", wangsulane salah sijine wong ing kono.
Tetelune, banjur nrobos mlebu omah lan ditemoni ana bocah umure kira2 6,5 taun gumlethak ing jogan karo gero-gero ora ana sing ngancani.
Si Bejo sing duwe pengalaman PPPK ing pelajaran Pramuka, enggal nemplekke tangane ing bathuke si bocah, wahh panas banget kih.
Si Bejo karo bengok : "Nang ngendi kih wong tuwane?"
"Ora ana mas, pakne lagi ngojek, makne lagi buruh nyuci nang tangga kampung!" saute salah sijine wong ing kono.
Si Sarju kanthi rikat usul : "Piye yen enggal kita gawa nang puskesmas?"
"Iya.. iya.. ayo!", sambunge si Diman.
Bejo ngimbuhi : "Kita kudu oleh idi dhisik seka wong tuwane, piye iki!?"
Dumadakan ana ibu2 sepuh mlebu omah, ujare : "Eee.. Aja!, kita kudu ngundang ibune dhisik, lagi bisa nggawa bocah iku nang puskesmas!"
Si Diman kanthi cukat ujar : "Ibune tak pethuke ya!", karo mlumpat arep mlayu.
"Ohh, enten sing pirsa boten nggih kula kedah methuk teng griyane sinten?" takone si Diman.
"Teng griyane bu RT mas, celak mejid, mangke saged tangklet kiyambake!" wangsulane salah sijine ibu2 ing kono.
"Oo nggih matur nuwun", wangsulane Diman karo njenggirat mlayu.
Sawetara iku si Sarju njupuk mangkok diisi banyu nuli diwenehke Bejo. Si Bejo enggal ngompres bathuke bocah iku, sanalika si bocah rada lerem olehe gero-gero. Ora let suwe si Diman teka bebarengan ibune bocah iku.
"Oh ngapunten bu, larene ibu nembe benter inggil sanget!" ujare si Sarju.
"Oo nggih nggih nak, matur nuwun!", ibune si bocah mangsuli.
Si Bejo njur ngimbuhi : "Nyuwun idi bu, pripun menawi lare niki enggal kita beta teng puskesmas?"
Si ibu meneng sedhela karo unjal ambegan, "Ohh.. nak, kula boten gadhah ragad", wangsulane si ibu karo ndhingkluk.
Si Sarju karo rogoh-rogoh sak-e njur ujar, "Boten sisah kuwatos bu, ingkang baken larene ibu ndang mantun enggal pikantuk pitulungan, kula enten yatra, ugi kanca-kanca", kanca-kancane manthuk bareng.
Si ibu meneng maneh karo nyawang tetelune kanoman iku, "Sampun bu, boten sisah rangu, saged ta nggih?", ujare salah siji kanoman iku.
"Eemm... engg.. nggih nak!", karo nggregel si ibu mangsuli.
Kanthi cukat Sarju nggendhong bocah iku karo mlaku rikat tumuju puskesmas.
Ing puskesmas enggal dipriksa lan dening dhoktere katiti yen ana tandhane ketaman Covid-19. Banjur enggal dirujuk menyang griya sakit sacedhake kono nganggo ambulan. Nanging emane sopire ambulan lagi ora mlebu jalaran anake lagi lara.
Sarju sing tau dadi sopir toko bangunan nuli nyaguhi nyopiri ambulan, minangka tanggungane si Bejo nyaguhi keri nang puskesmas lan sumadhiya ngrewangi dhokter apa bae sing dibutuhake.
Dikancani Diman, Sarju enggal nggawa bocah iku lan ibune numpak ambulan.
Waoww... critane kanoman2 kang saeka kapti guyub tanpa pamrih mbudidaya nylametake kurban serangan virus corona sing lagi memala iki.
Iba endahe yen para pemudha kadya ta para nom-noman telu mau, ora amung melu-melu dhemo sing sabenere ora dingerteni apa sing didhemo, lan ora migunani kanggo awake dhewe, luwih becik melu ngudidaya nglawan serangan covid-19 awit negara kita mbutuhake pahlawan-pahlawan kamanungsan sajati kaya mengkono iku.
SUGENG MENGETI DINA PAHLAWAN, 10 NOV 20
JM, #dina_pahlawan, 101120
dening eNPe
###)&&(###
PERJUANGAN KEPAHLAWANAN KEMANUSIAAN
Ada tiga pemuda Sarju, Bejo dan Diman dari sudut kampung Prawiran berangkat ber-sama2 kekota. Dengan mengendarai sepeda dalam masa pandemi Covid-19 ini, mereka beriringan disebuah jalan perkampungan yg biasanya sepi, tapi saat itu kok ramai ya ada apa gerangan? begitu batin mereka.
Turunlah mereka dari sepeda dan menghampiri salah satu orang, si Bejo bertanya, "Ada apa pak kok begitu ramai?"
"Oh.., itu ada seorang anak yg sedang me raung2, lagi sakit kali tp gak tahu sakit apa?", jawab seseorang disitu.
Ketiga pemuda itu segera menyeruak kerumunan orang2 masuk kedalam rumah serta ditemui seorang anak laki kira2 umur 6,5 th-an tergeletak dilantai tanpa ada yg menemani. Si Bejo segera menaruh punggung tangannya ke dahi si bocah tsb eahh terasa panas sekali. Begitu si Bejo yg ternyata punya pengalaman pelajaran PPPK di kegiatan Pramuka segera beraksi.
Si Bejo sambil teriak, "Dimana orang tuanya?". Salah seorang diluar menjawab :"Tidak ada mas mereka berangkat kerja, babenya sedang ngojek, emaknya pergi ke kampung sebelah buruh nyuci".
Si Sarju dengan cepat usul, "Bagaimana kalau kita bawa ke Puskesmas terdekat"?
"Iya ya.. ayo!", sambungnya si Diman.
si Bejo nimpali, "Kita harus dapat ijin dari orang tuanya, bagaimana ini?"
Tiba2 ada ibu2 tua masuk dan berkata, "Jangan! .. harus kita panggil dulu ibunya, baru bisa kita bawa ke Puskesmas!".
Si Diman dg cekatan teriak, "Aku jemput ibunya ya!?" sambil berlari kecil keluar rumah.
"Ehh, ada yang tahu gak kerumah siapa harus jemput?" tanya si Diman kpd tetangga yg sdg berkerumun.
"Mas, kerumah bu RT di dekat mesjid aja!, nanti bisa nanya ke beliau", jawab salah satu orang disitu. "Baik, trimakasih!", jawab Diman dan langsung berlari.
Sementara itu si Sarju segera ambil cawan diisi air dan si Bejo segera mengompreskannya ke dahi si bocah itu.
Alhasil si bocah segera tenang sdh tdk me raung2 lagi. Tdk lama kmd si Diman datang bersama ibu si bocah itu.
"Ohh.. maaf bu, anak ibu sedang panas tinggi" kata si Sarju.
"Ya, ya.., trimakasih nak!" jawab si ibu.
Si Bejo segera menyahut, "Bu, mohon ijin bagaimana kalau segera kita bawa ke puskesmas?"
Si ibu terdiam sebentar..,"Ee..., maaf nak ibu tidak punya ongkos", sambil tertunduk.
Sarju segera meraba sakunya sepontan menjawab, "Bu.., gak usah dipikirkan bu, yg penting anak ibu segera tertolong, saya ada uang dan teman2 juga siap membantu".
Si ibu terdiam kembali sambil memandang ke tiganya.., "Sudah bu, gak usah ragu, boleh ya?" sambung salah satu ketiga pemuda tsb...
"Emm..., ba baa.. baik nak!", tergagap ibunya menjawab.
Segera si Bejo menggendong bocah tsb dibawa ke puskesmas terdekat.
Di puskesmas segera anak itu diperiksa, dan oleh dokter dideteksi reaktif Covid-19. Segera dirujuk ke RS terdekat dg ambulance yg tersedia di puskesmas, tapi sayang sopirnya sedang absen karena anaknya juga sedang sakit.
Sarju yg pernah jadi sopir toko bangunan segera minta ijin kpd dokter utk membawa ambulance itu. Sebagai jaminan si Bejo siap nunggu di puskesmas dan membantu dokter tsb apa aja yg dibutuhkan.
Dengan ditemani Diman, si Sarju segera membawa anak itu bersama ibunya naik ambulance.
Wahh.., begitulah kisah perjuangan ketiga pemuda yang dengan berjibaku tanpa pamrih berusaha menyelamatkan korban serangan covid-19.
Betapa indahnya kalau banyak para pemuda seperti ketiga pemuda tsb tidak hanya ikut2an demo yang sebenarnya tidak diketahui.. heemmm ironisnya ya situasi di negara kita ini sementara sedang berjuang melawan serangan Corona dibutuhkan pahlawan2 kemanusiaan pejuang sejati.
SELAMAT HARI PAHLAWAN 10 NOV'20
Komentar
Posting Komentar