MOKAL PAMIKIRE MANUNGSA, ORA MOKAL ING NGARSANE GUSTI
kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2847589645520154&id=1684548218490975
Pepeteng/palimengan sajatine dudu ora anane pepadhang, nanging mujudake sawijining keyakinan dene pepadhang datanpa tumeka maneh.
Jroning swasana sing peteng, mokal banget wong nyawang padhang!
Ewasamono, ana saperangan wong sing ana lan tetep duweni keyakinan lan pangarepan mring dumadine pepadhang.
Kahanan iku wujuding pemancasan/penghakiman Allah kang diantu-antu wong-wong kang ana ing dalan kayekten (kebenaran Ind.)
Iku nggambarake nalika pangadilane Allah dietrapake ing donya. Sarta ora gampang tetep pracaya kanggo duweni pangarepan ing tengahing kahanan sarwa rekasa.
Panuwunan pangarepan iku kadya pepindhan wanita ngandheg kang lagi angudidaya kanthi nandhang kalaran ngenteni olehe babaran kang wusanane bakal nemokake sukarena gedhe kang den antu.
Panuwunan pangarepan iku binarung keyakinan mring pamengku lan pangaubaning Gusti Kang Maha Asih.
Iya kaya mangkono, ing wulangan agama nelakake dene wong-wong iku kang oleh kawilujengan lan karaharjane Gusti marga ngugemi bakal dumadine pepadhang ing alam kelanggengan urip tentrem rahayu.
Apa kang mokal miturut pamikire manungsa, Ora ana kang mokal ing ngarsane Gusti Allah!
Sumangga para sutresna PBJ 🙇♂️🙇♀️
JM, esuk sumilak, 121120
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar