WUS PRAPTA

    kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2840928789519573&id=1684548218490975

Den panjangka wus tumeka

dedalane datanpa pepindha

krana panjurung donga

sinung nugraha Hyang Wisesa


Den sedya wus prapta

pungkasaning karipta

winisuda dumadi kang ngreksa

meperti lan upaya bagasing denta


Puja puji konjuk Gusti Maha Kwasa

datan kendhat kanugrahan-Nya

tansah sumempyok mring amba

kabungahan wus binabar ngegla


JM, esuk sumilak, 051120

         dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊

KAJUJURAN ANGGAWA KINURMATAN