ENTHUNG, -pasemon-
kaunggah uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2855078551437930&id=1684548218490975
Ana bocah cilik lagi nggethu migatekake bolongan cilik sawijining enthung. Ing kono ana bakal kupu katon lagi ngudidaya mlungsungi arep metu saka jroning enthung liwat bolongan cilik iku. Saking kekeselen si bakal kupu mandheg anggone upaya, sajake wus ora ana gunane upayane nedya metu saka bolongan cilik ing enthung iku.
Nyipati kedadean iku, si bocah thukul rasa mesakake njur duwe krenteg arep biyantu bakal kupu metu saka jero enthung. Si bocah njupuk gunting njur wiwit ngati-ati mbedhah enthung iku supaya bakal kupu sing lagi mlungsungi bisa metu lan enggal dadi kupu bisa mabur.
Nanging kocapa, bakal kupu ya si enthung iku awake cilik isih mlembung, suwiwine isih mengkerut durung metu. Si bocah njingglengi karo ngarep-arep suwiwi kupu enggala megar lan bisa mabur menclok kekembangan ing taman.
Pangarep-arep ya kari pangarep-arep bae. Bakal kupu kepeksa ngenteke uripe mung ugag-ugeg nggawa awake sing mlembung iku. Suwiwine isih mengkerut ora bisa megar kang wusanane ora bisa mabur sajroning uripe.
Si bocah ora mangerteni dene bakal kupu iku prelu mlungsungi minangka kodrat alam ngudidaya upaya dhewe kanggo bisa luwar saka enthung. Bolongan cilik sing kudu diliwati sajatine bisa njalari meksa enceran jroning awake rumesep ing swiwine temahan bisa megar lan siyaga mabur.
Eliding pasemon enthung si bakal kupu iku kang bisa kapethik :
Uriping manungsa pancen butuhake pangudidaya. Lamun kita nedya bisa anggayuh apa kang sinedya prelu sawijining laku kang kadhang kala rekasa kebak ruwida. Aywa nganti kaya anak kang aleman tansah pengine dibiyantu diopeni wong tuwane bae. Mulane ora becik duweni patrap jiwa kaya mangkono kanggo ngadhepi sanggane urip kang sarwa abot.
JM, gagat bangun, 201120
✍️ eNPe ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar