KEPENGIN LANGSING ?

    kaunggah uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2858820431063742&id=1684548218490975

Saben esuk tangi turu Yulia mbingungi lan katon sedhih ngrasake awake sangsaya melar. Yulia meri dene kanca-kancane racake duwe awak langsing/lencir sing endah katon merak ati.


Dina candhake Yulia netepake nedya priksa dhokter spesialis. Kanthi giyak enggal nemoni dhokter spesialis.


Yulia: "Dhok! aku duwe masalah gedhe dhok!"


Dhokter : "Bab apa? katone Mbak sehat-sehat bae, ora ana bab sing nguwatirake!"


Yulia : "Apa dhokter ora bisa nyawang awakku iki! " karo sajak kesel.


Dokter mung mesam-mesem bae...


Yulia : "Dhok! tulung nyuwun obat sing bisa gawe awakku susut dadi lencir".


Dhokter mangsuli, "Yen mBak kepengin susut dadi lencir, mBak ora prelu ngombe obat. Mbak cukup nggedheke sirah mBak ngiwa lan nengen".


Yulia : "Mung iku bae dhok? (wangsulane Yulia kebak semangat). Banjur kapan aku kudu nggedhek-nggedheke sirah, esuk, awan, sore apa bengi?"


Dhoktere mangsuli, "Cukup nalika ana wong nawani mbak MANGAN!"


...Ohhh !??

Ayo Mesem !


JM, sirep bocah, 241120

         dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN