IBA AGUNG RIPTANE GUSTI
kaunggah uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2854291448183307&id=1684548218490975
Sato kukila ngoceh merdu
rumesep ing wanci esuk
ganda arum sumedhot trusing ati
iba tentrem urip ing padesan
Sumilak gebering wanci esuk
eseming bagaskara ing brang wetan
madhangi ngare endah sinawang
iba agung riptane Sang Hyang Widi
Ara-ara ijo lan birune samodra
arga lan alas rungkut gung liwang liwung
pinenthang jembaring cakrawala
iba agung riptane Sang Hyang Wisesa
Namung Paduka dhuh Gusti Kang Ma'Suci
namung Paduka dhuh Gusti Kang Ma'Agung
Paduka Sang Pangripta jagad raya
konjuk puja-puji ing enjing punika
JM, esuk sumilak, 191120
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar