GUSTI PEPADHANGING MARCAPADA
kaunggah uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2846567652289020&id=1684548218490975
Mugya cahyaning pepadhang
kang abyor saking Gusti
Gusti Pepadhanging Marcapada
sumunara salumahing bumi
Palimengan kasirnakna
duraka miwah ing dosa
Mawi cahyaning surya
amadhangi kadang samya
Pepadhange Gusti, mugya
nyunari kita samya
Katawisa saking cipta-ripta
dalah krenteging driya
Sumarah myang Kang Ma Kwasa
iba ta raharja gesang kita
Sinung yekti sarya Sih Kadarman-Nya
bagas saras jiwa miwah sarira
JM, gagat bangun, 111120
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar