NADYAN PRAHARA GEDHE

    kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2839991522946633&id=1684548218490975


Nadyan prahara gedhe anrajang baita..

palwamu horeg was-was rasa ing nala..

Nadyan nora kuwawa terus tataga..

masiya rekasa wusana kaendahan kang tumeka.


Jroning palimengan datan soroting cahya..

duhkita uga tansah tumeka..

Ajwa kendho, welahana luwih rosa..

bakal tinemu rahayu lan suka rena.

 

Reribeding prahara wus sirna..

ciuting nala sirna kasingkur saka ing ombak..

Nyanyi pepujian nelayan ngalun swaranya..

pratandha palabuhan wus cedhak.


Iba tentrem urip ing pangaubaning Gusti..

tinemu kadang tinemu karaharjan..

Adoh saking duhkita suka rena kang gumanti..

berkahing Gusti samya kasinungan.


JM, parak esuk, 41120

       dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN