JURUNG PANDONGA MRING PEMIMPIN

    kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2841902182755567&id=1684548218490975

Asring banget kita nyumurupi pawarta ing 'media komunikasi' teve, medsos para pandhega ya pamong praja katangkep nampa besel jroning OTT kang ginelar dening KPK. Malah sing mrihatinake panegak ukum ing lembaga ukum tumindak kang nguciwani iku. Kudune ngayomi rakyat, eee lha kok malah gawe wirang tatanan ukum.


Crita sawijining pemimpin kang kapilut nresnani bandha donya rila ngijolake kabeneran, kajujurane lan kajumenengane wus kepara jamak kaya wus ora duwe isin.

Sangsaya dhuwur drajad kajumenengane sangsaya gedhe godhane sing nyerang, yen nganti kurang prayitna bisa gumampang tiba ing tumindak dosa.

Kadya ana benere ing paribasan, "Sangsaya dhuwur sawijining uwit sangsaya kenceng angin anrajang!"


Dadi jejering pemimpin, apa iku pemimpin negara, agama, lembaga apa bae, ringkih ing mentale gumampang kejlungup tumiba ing tumindak dosa. Ya awit krana mangkono iku, pemimpin butuhake panjurung donga, pameling, pangawasan uga sawernane pangluruhan kita samya.


Prayogane minangka masarakat kang dipimpin, kanthi tulus eklas andongakake para pemimpin ora malah ngala-ala lan nenacad. 

Krana mangkono para pamong ya para pandhegane praja bisa luwih santosa ngayahi darmaning jejibahane kanthi bener, becik, jujur lan mituhu garising paugeran tatanan urip kang jumbuh karo dhawuhe Gusti Allah.


Sugeng enjing lan makarya!


JM, parak esuk, 61112

       dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN