AYWA GUMUNGGUNG

      kaunggah uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2838623596416759&id=1684548218490975

Supaya kreta tetep bisa lumaku rodhane kudu terus muter, ana saperangan sing kala-kala dununge nang ndhuwur uga kalane nang ngisor.


Panguripaning manungsa iku uga kadyadene rodha.

Nalika lagi ing ngisor, elinga yen kita uga tau ing dhuwur. Mulane ora prelu rumangsa ora piguna yen pinuju lagi ing ngisor urip rekasa, lan suwalike yen pinuju dununge ing dhuwur ya ajwa gumunggung kumalungkung nglalekake kahanan nalika susah.


Mulane iku tumrap kita kang lagi ketaman kasusahan, aywa cilik ati, sedhih utawa ora duwe pangarepan. Gusti bakal tansah sinung pangarepan sarta dalan lan carane uwal kang becik dhewe. "Sawuse udan katon kluwung/plangi! Prahara pesthi sumingkir!", anggere kita sumendhe lan setya mring Gusti.


Sawetara iku, tumrap kita kang lagi rumangsa dununge ing dhuwur urip sarwa mapan kepenak, ajwa gumunggung kumalungkung lan nyepelekake sapepadha kang lagi nandhang urip rekasa. Malah diprayogakake migunakake kasugihan lan wewengan kang kaparingake dening Gusti kanggo mitulungi lan angasihi sarta dadya lumantaring berkah tumraping wong akeh kang lagi nandhang kasusahan awit saka sureme kahanan ekonomi. Ing kahanan kaya mengkono Asmane Gusti kamulyakna... Amin 🙏


JM, lingsir sore, 021120

       dening eNPe


      ###====###

Agar sebuah kereta tetap berjalan, rodanya harus terus berputar; ada bagian yang kadang di atas, kadang di bawah. Kehidupan manusia pun seperti roda. Saat di bawah, ingatlah bahwa kita pernah di atas. Saat di atas, ingatlah juga bahwa kita pernah di bawah. Jadi, tidak perlu rendah diri, kecewa, dan putus asa ketika berada di bawah. Sebaliknya, tidak perlu tinggi hati ketika berada di atas.


Karena itu, bagi kita yang saat ini merasa di bawah, janganlah tawar hati, sedih, atau putus asa. Tuhan senantiasa memberikan pengharapan serta jalan keluar yang terbaik. "Habis hujan tampak pelangi. Badai pasti berlalu", asalkan kita mau taat dan setia serta mengandalkan Tuhan. Sementara itu, bagi kita yang merasa di atas, janganlah sombong, apalagi takabur, lalu merendahkan orang-orang yang sedang berada di bawah. Justru sebaliknya, mari kita pergunakan kekayaan dan kesempatan yang Tuhan berikan untuk makin mengasihi dan menolong banyak orang, terutama mereka yang saat ini mengalami situasi hidup yang sulit karena merosotnya perekonomian. Dalam hal inilah nama Tuhan dimuliakan.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN