KAWUSANANING PANGAREP-AREPAN

     kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2862480090697776&id=1684548218490975

Angantu-antu sawijining pangarep-arepan pancen ora gampang. Apa maneh lamun manungsa lagi ana ing kahanan kang sarwa ora pinesthi, gojag-gajeg iya lan orane.

Senadyan mangkono, ora sethithik uga ana wong-wong kang setya angantu tumekane pangarep-arepan kang durung pinesthi mau. Ing jroning pangrasaning ati isih duwe kapracayan bakal prapta apa kang sinedya.


Kadya wus kawuningani dening kita kabeh, ing negara seindhenging papan ing donya iki lagi ngalami pageblug Covid-19 kang nggegirisi. Para pemimpin, panguwasa, pamong praja padha angupaya pambudidaya mbendung panyebarane Covid-19. Para dhokter dalah saliring tenaga kesehatan kanthi tulusing ati ngayahi jejibahane ngupakara para kurban kang ketaman lelara Covid-19.

Ing kahanan kaya mangkono iku, mratandhani dene kita manungsa isih duweni pangarep-arepan bisa luwar saka ing pageblug iki. Senadyan ta kita kuwur ing ati nanging kita ora prayoga yen banjur duweni patrap ora mituhu marang pamrayogane protokol kesehatan. Paugeran-paugeran kang wus kawetokake dening pamarentah, kita kudu nuhoni lan mituhu amrih bisaa enggal luwar saka bebendu.


Bab liya ngrembug pangarep-arepan, kita manungsa titahe Gusti asring ngrumangsani nampa tumindak kang ora adil senadyan kita wus nindakake kabecikan urip bener lan nyambut gawe kanthi jujur. Kaya-kaya rasane kok ora bisa luwar saka ketaman kang sarwa ora adil lan kadurakan mau.

Nanging, minangka abdine Gusti kang tuhu lan pracaya, kita mangerteni lan pracaya dene Gusti Allah kang bakal rawuh minangka Hakim Kang Maha Adil kang bakal ngadili manungsa kang isih sugeng lan wus pralaya.

Ya iku pungkasan sawernaning kadurakan lan tumindaking dosa binarung pungkasaning jaman arupa kawusananing pangarep-arepan wong-wong pracaya mring Kamawisesaning Gusti. Sumangga kita mangantu rawuhe Gusti kanthi tetep ngugemi kapracayan kita mring Panjenengane. Amin.


JM, gagat bangun, 291120

         dening eNPe

  

     ###====###

Puncak Pengharapan 


Menanti terwujudnya harapan bukanlah hal mudah. Apalagi jika seseorang sedang berada di tengah ketidakpastian. Meski demikian, tidak sedikit juga orang yang rela menanti dan berharap di tengah ketidakpastian itu. Sebab, mereka percaya bahwa penantiannya akan berujung manis.


Seperti yg kita ketahui bersama, di negara seluruh dunia ini baru mengalami wabah pandemi Covid-19. Para pemimpin, penguasa, pamong praja semua berupaya berjuang membendung penyebaran wabah tsb. Para dokter dan seluruh tenaga medis dengan tulus hati menunaikan tugasnya merawat para korban yg terpapar Covid-19.

Dalam keadaan seperti itu, pertanda bhw kita manusia masih punya pengharapan bis keluar dari wabah ini. Walaupun kita penuh kawatir tapi tidaklah elok kalau kita bersikap tidak patuh atas prokes. Aturan2 yg sdh ditentukan oleh pemerintah kita wajib dan setia mentaatinya agar bisa segera terbebas dari wabah ini.


Sebagai umat ciptaan-Nya, sering kali dunia memperlakukan kita dengan tidak adil sekalipun kita telah melakukan kebenaran, hidup baik, dan bekerja dengan jujur. Mungkin, kita tidak dapat menghilangkan ketidakadilan dan kejahatan itu. Namun, kita tahu dan percaya bahwa Allah akan datang sebagai Hakim yang Mahaadil. 

Itulah akhir dari segala kejahatan dan dosa sekaligus menjadi puncak pengharapan orang-orang percaya atas Kemahakuasaan Tuhan. Mari kita menantikan kedatangan Allah dengan terus berpegang teguh dalam iman kepada-Nya.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN