WUS TINILAR LIMENGE RATRI #panglipurdriya
kaunggah uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2851559345123184&id=1684548218490975
Wus tinilar limenge ratri
padhang raina kang gumanti
rasa uwasku wus sumingkir pinasthi
rasa tentrem jroning ati
Sakehing eluh mripatku
kausap salembar kacu
kasusahan lan rasa duhkitaku
sirna sumingkir saka ing kalbu
Duk samana sureming ati
nanging sinungan trange Gusti
urip kamulyan den peperti
jiwaku kebak rena sarwa adi
Iba agung Sihe Gustiku
sinung yekti rahayu
berkahing datan kendhat estu
urip ana ing tentrem rahayu
JM, esuk sumilak, 161120
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar