DESA MAWA CARA, NAGARA MAWA TATA
kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2849451662000619&id=1684548218490975
Irah-irahan ing ndhuwur mujudake tembung paribasan kang ngemu teges, sawijining desa duweni tata cara dhewe (adat kabiasan), samono uga sawijining nagara duweni tatanan dhewe (awujud undhang-undhang)
Paribasan iku dietrapake kanggo nuduhake dene saben tlatah duweni adat kabiasan kang ngatur tatanan urip kang kudu diugemi dening wargane.
Lamun sawijining desa utawa nagara ana tatanan aturan dhewe, samono uga Gusti Allah Kang Akarya Panguripan. Panjenengane minangka Kang Maha Wisesa kagungan paugeran awujud Pangandikane kang kawedhar ing Kitab-kitabe para Suci nedya nata uriping manungsa ana ing dalan kayektene Gusti.
Gusti Allah nedhakake lan nata umat titah-E supaya tansah urip saturut karo kersa-Ne lan paugeran-Ne. Panjenengane dhawuh ana ing Sih kadarman lan kawicaksanan kang dadi wewengkon kawasa-Ne. Gusti Allah ngersakake manungsa bisaa dadi Sarana lan Sisihan kang ngugemi paugeran-Ne ambabarake kayekten Maha Wisesane.
Lamun kita tansah ngugemi saturut karo tatanan Gusti kang katetepake iya urip ing dalan kayektene Gusti, wusana urip kita bakal dadi becik/bener tentrem raharja.
Ewasamono, lamun kita blasar nerak paugerane Gusti, siap nampa paukuman kang datan den selaki tumiba ing teleng palimengan.
JM, gagat bangun, 141120
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar