ANGGAYUH TUMUJU CAHYA

   kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2868924456720006&id=1684548218490975

Mandhegani sawijining wewengkon praja ora kok amung bisa golek aleme utawa sinuba-suba masarakat sajroning lima utawa sepuluh taun mangarep. Ananging kepriye bisa anganthi rakyat ing dalan tumuju kang luwih becik, senadyan kanggo ngranggeh gegayuhan mau kita kudu bebarengan guyub kanthi rekasa ngombe pait getire pangupaya mau.

CAHYA bakal sumunar sawuse sumilak pedhuting mendhung pepeteng.


Mandhegani praja ora ateges kepriye supaya bisa MISUWUR, ananging kepriye carane bisa nedya anggayuh kahanan kang kaesthi luwih becik/rahayu ing tembe wektune. 

Pambangunan ora tansah lan mesthi sarwa manis/kepenak, lumakune mbutuhake pangurbanan kang ora sethithik kepara pait rasane.

Ananging, kabeh iku kaprelokake tumrap mujudake CAHYA kang nyumunari ing tembene.


Kita sabangsa ora sarujuk lamun Indonesia ana ing palimengan. Nanging sejatine CAHYA bisa luwih ngrembaka nyumunari nagari iki.

Akeh bab-bab kang ala diejarake bae. Akeh sumber-sumber kaskayan kang durung kagarap. Kita sajroning wektu-wektu kepungkur durung wani lan ora pracaya yen sejatine CAHYA iku wus ana, mung kari kepriye carane bisa nyumunarake CAHYA iku temah madhangi warata.


Dadi pemimpin ora bisa ngayahi dhewe amung karo andhahane bae. Dheweke kudu bisa nularake kakuwatan becik tumraping rakyat supaya bisa nyumurupi dene kabeh lagi tumuju mring kamajuaning bangsa kang ngeramake. Tundhone bisa oleh panyengkuyunge rakyat kanggo mujudake CAHYA mau.


Nagari iki mesthi bisa kadunungan cumloroting CAHYA nalika pepeteng pedhuting mendhung bisa sumilak!

Lan kita nembe lumaku ing kahanan iku, tumuju Indonesia kang luwih becik.


Resepi masalah, rampungake masalah, iku rancangan kang kaesthi.

Kita yakin, saruwet-ruwete prakara bisa diudhari, yen ta ana pangupaya sedya ngudhari.


Kita bangsa kang luhung, kita mesthi bisa mujudake gagayuhan owah-owahan kang luwih becik. 

Ing tengahing swasana prihatin jalaran  pageblug Covid-19 kadya kang wis karancang ngadani hajadan nasional Pilkada mugya CAHYA pangarepan abyor ing tengahing bangsa Indonesia. Kanthi pangajap mugya hajadan demokrasi dhaerah ing saendhenging nuswantara iki bisaa kaleksanan kanthi gangsar, tentrem lan adil tinebihna saka rubeda nir baya nir sambekala. 


JM,  madya ratri, 71220

          dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN