TOKO ADOL CALON GARWA

   kaunggah uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2874617319484053&id=1684548218490975

Sawijining toko kang adol garwa (calon) nembe buka, ing kono priya bisa milih wanita kang didadekake garwa.


Sawetara ing lawang mlebu dipasang tatanan carane mlebu toko kasebut :


1. Para tamu pikantuk lan saged mlebed toko NAMUNG SEPISAN!

2. Toko punika wonten 6 loteng, saben loteng mratelakaken calon garwa.

Sangsaya inggil loteng, sangsaya inggil tingkataning wanita kasebat.

3. Para tamu saged milih wanita ing loteng kapilih utawi ing loteng candhakipun, nanging kanthi paugeran BOTEN SAGED MANDHAP MALIH ing loteng saderengipun, kejawi medhak kangge medal saking toko."


Kacarita, ana pria nekani toko iku saprelu golek calon bojo.


Ing saben loteng tinulis mangkene iki :


*Loteng 1 *

"Wanita ing loteng iki setya mring Agama & Pinter Masak."

Priya iku mesem, nuli dheweke munggah menyang loteng candhake.


*Loteng 2*

"Wanita ing loteng iki setya mring Agama, Pinter masak & Alus Bebudene."

Karo mesam mesem priya iku munggah maneh menyang loteng candhake.


*Loteng 3*

"Wanita ing loteng iki setya mring Agama, Pinter Masak, Alus Bebudene & Ayu."


"Wuihh.. asiik!" ujare lirih sang priya, nanging atine isih penasaran (kepo) lan terus munggah meneh.


*Loteng 4 *

"Wanita ing loteng iki setya mring Agama, Pinter Masak, Alus Bebudene, Ayu Banget & Tresna Anak."


"Ya ampun" setengah bengok, "aku meh ora percaya!"


Isih durung marem dheweke mbacutke menyang loteng 5.


*Loteng 5*

"Wanita ing loteng iki setya mring Agama, Pinter Masak, Alus Bebudene, Ayu Banget, Tresna Anak, Seksi & Pinter ngladeni garwane."


Priya iku dheg-dhegan mandheg sawetara ing loteng 5. Nanging saking olehe 'kepo' lan isih durung marem, neruske munggah nyang loteng candhake.


*Loteng 6*

Kocapa ana tulisane "Panjenengan tamu kang kaping 8.088.270.

ORA ANA WANITA ing loteng iki. Loteng iki mituduhake lan mbuktekake tumrap Priya kang ORA NATE MAREM & TERUS GOLEK WANITA KANG SAMPURNA...!!!"

"Matur nuwun rawuhipun!

Ngatos-atos nalika medal saking ngriki!"


Kamitenggengen priya iku dheleg-dheleg gela banget, njur jangkah metu saka toko iku kebak kuciwa.


Eliding crita lan pemeling (kanggo sapa bae ora lanang ora wadon) :

Aywa terus golek wong kang sarwa sampurna, ing donya iki ora ana, anane malah tinemu kuciwa lan keduwung ing mburine.

Reksanen apa kang wus kita temokake utawa duweni den peperti, eling aywa nggrangsang golek kang sarwa luwih, tansaha muji sokur apa kang wus kaparingake dening Gusti Allah.


Eling dene manungsa ora ana siji-sijia kang sarwa sampurna klebu kita kabeh.


Mugya migunani! nuwun 🙏


JM, sumilaking esuk, 141220

           dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊

KAJUJURAN ANGGAWA KINURMATAN