TUMAPAK NINGGALAKE WARSA

      kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2876992449246540&id=1684548218490975

Tumapaking wektu datan rinasa..

wus ngancik ing pungkasaning warsa..

yaa warsa kang kebak prihatin samya..

saliring sumpena ambyar sanalika binarung pra kadang nalangsa.


Jroning wulan mungkasi warsa puniki..

den pangarepan kang kaesthi..

nedya angantu wujuding pakarti..

kang karancang pamarentah nagari.


Madyaning wulan tumuju tanggap warsa enggal punika..

pandheganing nagari tatag paring panetepan..

yaa panetepan (vaksin) murih lestarine sabangsa..

nyantosaake kalis sing pageblug lan memala.


Mendah agung Sihe Gusti..

karaharjan kang tinampi..

saliring kawulaning praja NKRI..

samya asung pambagya ing pamuji.


Salam sehat! Salam rahayu samya!..

kita bangsa Indonesia kang mulya..

tumapak ninggalake warsa..

rongewu rongpuluh warsa lelimengan pra jalma.

JM, madya desember'20

          dening eNPe


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN