REREPEN ENJANG
kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2868268200118965&id=1684548218490975
Gumregah saka ing tilamrum kasrepen
rumesep hawa esuk anrawang pangangen
Nitenana sihing Gusti kang mbanyu mili
ywa manut bujuking iblis wohe mung pati
Nadyan den iming-imingi bandha sadonya
milaur setya mring Gusti sinungan begja
Iblis nggendeng nilar Allah jer tanpa guna
milaur manteb pracaya gesang raharja
kanthi sumarah mring Gusti Allahira
kasorna dosa jer mursid panggah ndedonga
JM, gagat bangun, 61220
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar