DARMANING DADI WONG TUWA

    kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2885166301762488&id=1684548218490975

Anglakoni darmaning dadi jejering wong tuwa iku temtu ora gampang. Ing saben owahing umur anak tansah nduweni bab-bab pribadi lan kabutuhan beda-beda. Senadyan jroning owahing umur kang beda-beda mau ana kabutuhan utama kang padha, yaiku pangayoman rasa aman lan rasa ayem saka wong tuwane.


Minangka wong tuwa kita kerep ngadhepi pangudi-daya sing jumbuh saemper kabutuhan dhasar. Nalika anak kaancem kaslametane, kita duwe rasa kuwatir malah bisa mbingungi. Ananging aywa sumelang dene kita ora dhewekan. Kejaba sisihan, kita nduweni Gusti Allah kang Maha Pirsa ora bakal negakake kita ngadhepi dhewekan ing kahanan mau. 

Yen kita kanthi mantep sowan ing Ngarsane nyuwun pitulungan, pracayaa!, Gusti bakal nuntun lan sinung kaslametane anak. Kadyadene ing Pangandikane "Was sumelangmu pasrahna mring Pangeran Gustimu, temahan sliramu mesthi rineksa"(Jabur 55:23)


Krana mangkono, linandhesan janji Allah ing Pangandikane mau, bisa minangkani suluh tumraping kita tumuju dalan ngluwari saka ing kamomotan urip kang kita sandhang.

Ayo dipadha ngandelake Gusti ngopeni lan ngreksa anak-anak, nyuwun pitulungan-E diparingi kekuwatan anggone nggedhekake anak-anak tumeka titiwancine ing darmane urip bisa migunani ing tengahing kulawarga, agama lan masarakat.


Ing kahanan pageblug covid19 iki wus sayogya dene kita mareg lan nyuwun pitulungane Gusti, mugya saliring kulawarga lan para kadang kita rineksa dening Pangeran Gusti Kang Akarya Gesang tinebihake saka memala nir baya nir sambekala. Mugya pageblug iki bisa enggal kasirnakake saka ing salumahing bumi iki temahan tumuju ing urip anyar kang sarwa luwih temata ngugemi ing babagan kesehatan.


JM, pajar sidik, 281220

       dening eNPe


Jarwane ing basa Indonesia : ⤵️

Kewajiban menjalankan peran sebagai orang tua tentu tidak mudah. Pada setiap perkembangannya, anak selalu memiliki karakteristik dan kebutuhan yang berbeda. Pada setiap tahap perkembangan yang sekalipun berbeda-beda itu, terdapat kebutuhan utama yang sama, yaitu perlindungan dan rasa aman dari para orang tua.


Kita, para orang tua sering menghadapi pergumulan serupa. Jika keselamatan anak terancam, kita merasa takut bahkan putus asa. Namun, janganlah menyerah, kita tidak sendirian. Selain pasangan, kita memiliki Allah yang hidup. Ia tidak akan membiarkan kita sendirian menghadapi persoalan. Ia pun akan menuntun kita dengan firman-Nya.

"Serahkanlah kuatirmu kepada Tuhan, maka Ia akan memelihara engkau" (Mazmur 55:23)


Firman Tuhan akan menjadi suluh bagi kita dalam mencari jalan keluar atas segala perkara. Marilah kita mengandalkan Tuhan dalam merawat anak. Marilah kita memohon agar diberi kekuatan untuk membesarkan anak hingga ia memenuhi panggilannya dan berguna bagi keluarga, gereja, dan masyarakat.


Dalam situasi pandemi ini hendaknya kita menghadap Tuhan semoga seluruh keluarga dan handai taulan kita dijauhkan dari penyakit dan segsla mara bahaya. Semoga pandhemi ini segera dapat dihilangkan dimuka bumi ini shg bisa menuju hidup baru dg tayanan serba tertata utamanya dlm kesehatan.


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN