AJAKAN MRATOBAT

    kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2879204769025308&id=1684548218490975

Iblis ora kandheg anggone nggodha lan ngajak manungsa ing tumindak dosa lan ninggalake Gusti Allah. Suwalike, senadyan manungsa wus tumindak dosa lan ngedoh saka pangayunan-Ne, Gusti datan kendhat nimbali ngajak manungsa mratobat bali marek ana ing ngarsa Panjenengane. Dene yen dhawuhe iku diestokake, temahan Gusti bakal bali angasihi kanthi eklas sukarena.


Dhawuh ajakan mratobat ora ana liya kanggo kabecikane umat manungsa kang diAsihi. Lamun gelem mratobat, Gusti Allah bakal mbereg lan ngapura dosa-dosane lan mbalekake kahanane manungsa urip setya tuhu. Panjenengane badhea rawuh sinung kasegeran anyar saengga pra Umat-E bali angganda arum kadya sesekaran kang nedheng-nedhenge mekrok. Temahan andadekake berkah tumraping wong akeh.


Pamratobatan iku kudu diwiwiti kanthi ngakoni sakabehing kaluputan lan dosa-dosane ing pangayunan-Ne.

Pangakon iku kudu binarungan ngedohi tumindak dosa miturut karo paugeran dhawuh pangandikane Gusti.


Sabanjure kadya janji-Ne, Gusti bakal bali angasihi lan dumadi sumbering urip umat-E, nuli umat kang kinasih ngalami kamajuaning iman sarta karumuntuhan berkah.

Wusanane, umat titah-E urip kebak karahayon sayekti ana ing patunggilaning Gusti Kang Maha Asih.


Sih tentrem rahayu,

Mugi Gusti amberkahi... Amin Amin 🙇‍♂️🙇‍♂️


JM, gagat bangun, 201220

         dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN