SALAM SEHAT JRONING PANGAREPAN
kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2872659109679874&id=1684548218490975
Desember 2020, wulan pungkasan ing warsa pageblug..
20 dina mangarep, kita bakal mungkasi taun iki...
Warsa iki mujudake sejarah dawa jroning sata warsa (abad) iki..
sejarah kang padha ing salumahe bantala iki..
ora amung kita para diwasa, malah bocah-bocah uga nyathet sejarah iki..
Anak-anak dumadakan jroning 10 sasi iki kudu sidhem lan sinau nang omah wae..
Sing adade rame dolanan bebarengan ro kancane dadi sarwa winates..
Warsa iki kita kira-kira amung 60 ari urip ing adad kabiyasan yaiku nalika mlebu napaki warsa iki..
Sabanjure iku.....
Nalika mlangkah ing wulan Maret, kita urip kudu ngugemi saliring paugeran kesehatan yaiku manganggo masker, wijik tangan lan njaga wates...
Ujug-ujug, tan nyana tan kinira..
Saliring tatanan urip dadi owah-owahan anyar...
Dumadakan bae kita samya duweni adad kabiyasan kang padha dene kudu dilakoni...
Ujug-ujug bae kita samya duwe kekuwatiran lan padha was sumelang..
Semono uga dumadakan..
nadyan agama kita beda, isi pandongane dadi padha..
kita tumungkul.. nenuwun mareg ing ngarsane Gusti Kang Akarya Gesang..
nyuwunake supaya pinarengake urip kadya wektu-wektu kepungkur
ora prelu nganggo masker, ora kudu njaga wates..
Rasane lungkrah banget nglakoni urip ing taun iki...
mripat angel merem ing tengah wengi...
Ana rasa kangen kang amung bisa kawetu sacara lesan..
Tansah kepengin ngrangkul sapa bae kang kita tresnani kadya adad sabene..
datan rasa was-was nalika ngrangkul..
Jroning kamar bebarengan..
kudu njaga wates lan was-was antara siji lan sijine...
Kala-kala ana rasa bosen uga..
karo ngersula kapan pageblug iki rampung...
Nanging kita ngerti malah yakin..
jalaran kita iki umat agama..
dene jagad raya iki ana sing kagungan..
ya Sang Chalik Kang Akarya Jagad ora sare..
Mesthi Panjenengane kagungan rancangan tumraping kita umat manungsa..
Sanalika kita padha dene sigeg datan sabawa...
ujug-ujug donya iki dadi sidhem lan kalimput dening rasa kakuwatiran was sumelang ing saliring umat manungsa...
yaa rasa giris mring memala kang datan keksi..
Iku kabeh ora kok kapinujon...
nanging iku wus dumadi ing urip kita..
Mbokmenawa kita lagi ngrumangsani..
yen sejatine kita umat kang tanpa daya masiya amung mring bab kang ora bisa kita deleng, datan keksi nadyan ing tengah-tengahing kita sawayah-wayah kita bisa kataman memala kang nggegirisi..
kabeh apa kang wus dadi rancangan kita sanalika bisa bubrah tanpa daya.
10 wulan kita liwati...
kita samya ngudidaya bebarengan..
para dhokter dalah saliring tenaga kasehatan pangudidayane ora saka kurang anggone lelabuhan ngupakara para kadang kang ketaman pageblug iki.
Pamarentah lan perangkat praja gawe tatanan kang kudu diugemi dening wargane..
Ora sethithik ragad kang wus diglontorake..
perang nglawan anane pageblug...
saprelu ngarepake tumekane pangarepan anyar..
bakal tumekane wektu kita bisa bali gegojekan sukarena tanpa rasa was-was..
Ayo... semangat aywa nglokro..
terus tansah ngudidaya lan ngupaya sarta nduweni pangarep-arepan..
pracayaa ...
dene pangarepan lan pangudidaya kita ora muspra..
Kita yakin mesthi bisa!
Sugeng ngayahi darmaning gesang ing wulan Desember 2020..
Sugeng nyawisake praptaning ing tanggap warsa anyar kebak pangarepan kang kari 20 ari maneh...
Warsa ngarep kita tansah anyawang lan ngrasakake iba Gusti Allah ora nate ngesupenake angasihi umate kang setya tuhu mring Panjenengane..
Warsa kamenangan uwal saka pageblug covid-19..
tansaha sumendhe lan sumarah ing ngarsane Gusti..
Gusti mesthi bakal sinung yekti ing karaharjan tumrap para umate kang kinasih...
Sumangga para kadang kinasih kita samya ndedonga nyuwunake pangaksama lan tansah ngugemi paugerane Gusti..
Mugi Gusti amberkahi..
Amin Amin 🙏🙇♂️
Komentar
Posting Komentar