NGELMU KAWICAKSANAN LIMANG DRIJI
kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2875799049365880&id=1684548218490975
👍Ana si lemu Jempol sing tansah ujar Becik lan aweh Alem..
☝️Ana driji si Panuding sing senengane Nuding lan Mrentah..
🖕Ana driji si Panengah sing gumunggung rumangsa dhuwur dhewe..
👌Ana driji si Pamanis kang tansah dadi tuladha, apik lan sabar memper yen pinasang kalpika
🤙Ana driji wuragil si Jenthik sing tansah ngalah lan manutan.
🖐Krana nggambarake bedane siji lan sijine kang becik lan ala sing diduweni dening saben driji... kabeh iku Manunggal kanggo njangka gegayuhan siji kang padha (gotong royong).
🖐Coba kita gagas, lamun tangan kita drijine amung arupa jempol kabeh? rak ya mesthine ora pepak!
✊Kita kalairake anaing saliring werna beda-beda kang kita duweni kanthi nedya kanggo Manunggal yaiku :
🤝padha dene anresnani..
🤝padha dene tulung mitulungi..
🤝padha dene aweh pambiantu..
🤝padha dene amepaki..
🤝padha dene angajeni..
Kosok baline, ora kaanggo :
👎padha dene olehe ndakwa..
👎padha dene ngluputake..
👎padha dene gawe bubrah & congkrah..
✍Kabeh kang sarwa beda mau yaiku mujudake Kaendahan kang dumadi supaya kita Andhap Asor ngajeni mring liyan. Ora ana sijia gawean kang kita bisa mrantasi dhewe! tetep mbutuhake pitulungan wong liya!.
✍Mbokmenawa Kaluwihan kita iku Kakurangane wong liya.. suwalike, Kaluwihane wong liya bisa dadi Kakurangan kita!
✍Ora ana kang luwih Bodho lan luwih Pinter..! Bodho utawa pinter iku samar bisa awujud anaing kasembadan kang kita sokuri dhewe-dhewe tumuju impenan kita..
✍Dudu pribadi kang sampurna.
Wong Pinter bisa wurung / gagal!
Wong Digdaya bisa ceblok!
Nanging kawuningana..
Uwong kang Andhap Asor jroning bab apa bae bakal tansah pikoleh Kabegjan/kabagyan saka ing Kurang Pangertene..!
⛵Nabi Nuh durung mangerti bakal ketaman banjir bandhang nalika panjenengane yasa baita lan dipoyoki para mitra-kadange.
🐐Nabi Abraham durung ngerti bakal cumawis wedhus nalika peso meh bae munggel sirahe putra kinasih.
🌊Nabi Musa durung ngerti dene segara bakal kawiyak nalika panjenengane kadhawuhan nebakake tekene.
💡Kang dimangerteni, yaiku kabeh mau jalaran Mituhu marang Dhawuhe Gusti Allah lan datan kandheg anggone duweni Pangarepan kang becik dhewe...
🙏Yekti lan nyata saka ing Kakurang Pangertenan kita, Gusti Allah wus nyawisake kang Ngeram-eramake tan kinira.
✍Asring dene Gusti Allah kagungan Kersa ing wektu-wektu pungkasan jroning pangarepan lan kamituhon para abdi-Ne.
☝️Aywa cilikan aten nalika durung ana wangsulan pandonga.. amarga Gusti nresnani kita kanthi cara-cara kang kita ora ngira kadhang kita ora seneng..
✍Gusti Allah maringi apa kang kita butuhake, dudu apa kang kita penginake...!
✊Tandangana bageyanmu, lan pracayaa dene Gusti Allah kang bakal nyampurnakake..!
Tetepa pracaya! Tetepa ndedonga! Tetepa Mituhu lan Setya!
Tetep semangat ing dina iki.. nadyan jroning sarwa kasusahan & kakurangan...muga pakaryan kita kang becik mujudake bandha lan sangu lumebu swarga.
Salam tentrem rahayu lan tansah mesem!
Ywa lali lho mring 3M!
JM, sandyakala, 151220
dening eNPe
kajarwakake saka ing tulisan ⤵️
====###====
*"FALSAFAH LIMA JARI"*
🌹Ada si gendut Jempol yang selalu berkata Baik dan menyanjung...
🌹Ada Telunjuk yang suka Menunjuk dan Memerintah..
🌹Ada si jangkung Jari Tengah yang Sombong karena paling panjang...
🌹Ada Jari Manis yang selalu menjadi teladan., Baik dan Sabar sehingga diberi hadiah Cincin...
🌹Dan ada Kelingking yang Lemah lagi Penurut...
✋Dengan perbedaan Positif dan Negatif yang dimiliki masing2 jari... mereka Bersatu untuk mencapai Satu Tujuan (saling melengkapi).
✋Pernahkah kita bayangkan bila Tangan kita hanya terdiri dari Jempol semua..???
Falsafah ini sederhana namun sangat berarti..!
🌿 Kita terlahir dengan segala Perbedaan yang kita miliki dengan tujuan untuk Bersatu :
💚saling menyayangi...
💚saling menolong...
💚saling membantu...
💚saling mengisi...
💚saling menghargai...
Bukan untuk :
saling menuduh...
saling menyalahkan...
saling merusak...
🌿 Semua Perbedaan dari kita adalah Keindahan yang terjadi agar kita Rendah Hati untuk menghargai orang lain... Tidak ada satupun Pekerjaan yang dapat kita kerjakan sendiri.
🌿 Mungkin Kelebihan kita adalah Kekurangan orang lain... Sebaliknya Kelebihan orang lain bisa jadi Kekurangan kita..!
🌿 Tidak ada yang lebih Bodoh atau lebih Pintar...
Bodoh atau Pintar itu relatif sesuai dengan bidang/talenta yang kita syukuri masing masing menuju Impian kita...
🌿 Bukan individualis yang sempurna.
Orang Pintar bisa gagal.
Orang Hebat bisa jatuh..!
Tetapi...
🌿 Orang yang Rendah Hati dalam segala Hal akan selalu mendapat KEBAHAGIAAN...DIBALIK KETIDAKTAHUAN
⛵Nabi NUH belum tahu Banjir akan datang ketika ia membuat Kapal dan ditertawai Kaumnya.
🐏 Nabi ABRAHAM belum tahu akan tersedia Domba ketika Pisau nyaris memenggal Buah hatinya.
🎋Nabi MUSA belum tahu Laut terbelah saat dia diperintah memukulkan tongkatnya.
💝Yang Mereka Tahu adalah bahwa Mereka harus Patuh pada Perintah ALLAH dan tanpa berhenti Berharap
yang Terbaik...
💝Ternyata dibalik KETIDAKTAHUAN kita, ALLAH telah menyiapkan Kejutan !
💝SERINGKALI Allah Berkehendak didetik-detik terakhir dalam pengharapan dan ketaatan hamba2NYA.
💝Jangan kita berkecil hati saat sepertinya belum ada jawaban doa...
Karena kadang Allah mencintai kita dengan cara-cara yang kita tidak duga dan kita tidak suka...
💝 *Allah memberikan apa yg kita butuhkan, bukan apa yg kita Inginkan...!*
💝 *Lakukan bagianmu* *saja, dan biarkan*
*Allah..... yg akan menyempunakannya*
💝 *Lakukan bagianmu* *saja, dan biarkan*
*Allah..... yg akan menyempunakannya*
Tetaplah Percaya. Tetaplah Berdoa. Tetaplah Setia.
*Tetap semangat di hari ini...meski dlm kesederhanaan ....semoga kebaikan yang kita kerjakan adalah harta dan tabungan kita di akhirat nanti*
*Salam Bahagia dan selalu tersenyum*
*janganlupa3M*.
Komentar
Posting Komentar