ABYORE SRENGENGE

   kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2887671804845271&id=1684548218490975

Sore-sore abyore srengenge amadhangi ing brang kulon dirgantara,

pangarepku iki kang bakal dumadi sesuk ing lembar anyar anepaki warsa selikur,

kanthi panyuwun mugya sumorote bagaskara tansah madhangi arcapada,

pra titah anambut amecaki dalan kebak sukarena lan puji sokur.


Mungkasi warsa kang kebak duhkita,

sumilire samirana dhesember adhem angresep ing nala,

payo samya sung pepuji mring Gusti nyadhong Sih kadarman urip mulya,

karumentahna mring saliring umat manungsa, kaleburna, kasingkirna sakabehing memala.


JM, wayah sore, 311220

        dening eNPe


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN