KUTUB URIP KANG UNGKUR-UNGKURAN
kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2824355511176901&id=1684548218490975
Sawijining pepenginan/kasedyan iku becik-becik bae, nanging yen kasedyan dibarengi banget nepsu kanggo anggayuh dadine nguwatirake.
Kosok baline wong kang ora duwe pepenginan bakal ora kuwat ngadhepi alangan nalika arep nindakake gegayuhane.
Nanging wong kang pepenginane kuwat banget dikantheni nepsu rumangsa yen paling apik dhewe, kang bisa kurang plega lan ora waspada temahan bisa-bisa kami-tegan nyingkirake wong liya, bebujuk ala, nyebar pitnah bisa nganti tega mateni wong liya.
Apa sejatine sing nggegilut atine manungsa kadya kutubing panguripan kang sarwa ungkur-ungkuran?
Lamun manungsa tumindak kabecikan , uripe sareh kebak sih katresnan mring sapepadha, jujur, loma seneng ambage murah esem, gampang tetulung lsp lsp. Manungsa kang asipat kaya mangkono iku awit krana berkah lan kagilut dening Roh Sucining Gusti kebak kawicaksanan.
Ananging, kosok baline lamun manungsa uripe tansah tumindak kaculikan, grusa grusu, kagilut ing kebak kanepson, senengane ngagul-agulake dhiri pribadine nyepelekake liyan, rumangsa bener dhewe, lelamisan adoh saka kasunyatan lsp lsp. Manungsa kang asipat kaya mangkono iku awit nembe kagilut dening bebujuke roh jahat.
Sugeng dalu.. mugya Gusti amberkahi..
Amin Amin 🙏🙏
JM, madya ratri, 181020
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar