SEKAR ALUM LAN GARING

     kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2810227335923052&id=1684548218490975

Sekar alum lan garing, raina gumanti ratri

sandhang pangan datan kendhat kaperlokake

Lamun den rasa sepi sapa sing mangerteni

lamun den kuwur ati sapa sing migatekake


Sing kok tampa luwih isih rumangsa kurang

sing kok prelokake nora mesthi kok tampa

Datan kapreloake soroting surya lan rembulan

Sang Khalik kang badheya madhangi


Sirna kuwuring ati Gusti anjangkung kita

tentrem rahayu salaminya kang tinampa

Bageya kelanggengan, puja-puji konjuk Gusti

puji sokur berkahing kang pinesthi


JM, gagat bangun, 41020

       dening eNPe


          ####00####


Bunga 'kan layu kering, siang berganti malam

sandang pangan pasti trus dibutuhkan

Bila kaurasa sepi, siapa yang memahami

Jika kau bingung, siapa yang memperhatikan


Yang kauterima lebih masih kaurasa kurang

dan yang kauperlukan tak pasti diterima

Di sana takan perlu surya dan sinar bulan kar'na wajah Tuhan 'kan menyinarimu


Hilanglah rasa bingung, Tuhan beserta kita

hidup bahagia tak akan berhenti

Songsonglah Hari Kekal! Nyanyilah bagi Allah

puji syukur atas berkat-Nya senantiasa

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN