NGENDHALENI KANEPSON - pituture simbah -

    kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2835256816753437&id=1684548218490975

Ana bocah lanang sing gampang nesu-nesu tansah ngumbar kanepson sakepenake wudele.


Bapake saking judhege ngatasi iku njur maringi sabungkus paku lan dhawuh nang bocah iku yen saben nesu kudu nancepke paku nganggo palu ing pager.


Ing dina sepisanan bocah iku nancepke paku ing pager 12 cacahe (ateges sedina iku olehe nesu kaping 12)

Bocah iku karo mikir mbaka sethithik wiwit nyuda olehe nesu. Krana mangkono dina-dina candhake cacahe paku sing kudu ditancepke suda ing saben dinane.


Si bocah njur mikir-mikir maneh jebulane ngendhaleni muntabing ati bisa gawe mareming ati nadyan rada angel tinimbang nancepke paku ing pager.


Wusanane, ing sawijining dina si bocah ora nesu babar pisan. Enggalan ngaturi pirsa bapake kabar iku.


Sang bapak banjur dhawuhi supaya si bocah wiwit saiki uga njabuti paku saben dinane kanthi pangangkah bisa ngendhaleni muntabing ati (nyuda kanepson).


Dina-dina candhake kelakon dene paku-paku sing temancep wus kabeh dijabuti, lan enggal matur bapake.


Sang bapak nyandhak tangan putrane karo nyedhaki pager.

"Delengen ngger anakku pager iki padha bolong senadyan kowe wus nindakake kanthi becik, nanging pager iki ora bisa pulih padha kaya sadurunge. Ngertia ngger nalika kowe ngumbar kanepsonmu mring wong liya, bakal ninggali tatu kaya tilas paku iki. Kowe namakake peso ing wong karo nesu-nesu lan nadyan kok tarik maneh, karo ora nggagas njaluk ngapura tetep bae tatu atine isih ana."


Eliding pitutur kang bisa kapethik :

Kendhalenana kanepsonmu, aja nganti kawetu ujar sing ora becik kang nyerikake marang wong-wong rikala atimu lagi panas kang tembene bakal kok getuni. Awit apa kang wus kedadean ora bisa dijabel bali! 

Eling! golek mungsuh iku luwih gampang tinimbang golek mitra-kadang!


JM, parakesuk, 301020

         dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN