NYINAONI SUMUR -pasemon-
kaunggah uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2821287161483736&id=1684548218490975
Sumur nadyan tansah ditimba saben dinane banyune tetep bae bening lan ora nate kasatan.
Nanging anehe, sedina utawa rong dina banyune ora ditimba, dhuwure banyu uga tetep ora mundhak dhuwur kadya ing sakawit.
Sumur sing ora nate dijupuk banyune, malah bisa andadekake banyune mambu, reged lan ngandhut racun kang wusanane ora prayoga dianggo ngombe.
Iki sing diarani 'hukum alam'....
Jroning alam ana wewadi ('misteri') kang njalari tansah ambage lan anjaga imbange panguripan...
Sejatine ing panguripan kita uga padha lan memper kadyadene sumur iku...
Racake wong-wong padha mikir dene nalika kita menehi apa kang kita duweni bakal nyuda saka kang kita duweni mau...
Yen kita nyoba gagas lan nyinau kadya pasemon sumur iku, sangsaya akeh lan kerep anggon kita menehi mula bakal sangsaya akeh banyu kang mili marang kita.
Bab paweweh iku ora kudu arupa dhuwit utawa bandha liyane. Kita bisa ambage apa bae kang kita duweni upamane wigati tumraping liyan kang lagi kasusahan, kanthi tulus ambage kawruh elmu kang kita duweni lsp lsp.
Samangsa kita ambage kawruh elmu, ing banjure kejaba murakabi mring wong liya uga maedahi mring kita kanthi sangsaya tambah katrampilan kita lan rasa mareming ati.
Nanging kang prelu digatekake yaiku aja nganti menehi iku marga kepeksa, pengin di alem, aja nganti menehi kanggo pamer yen kita sugih lan aja nganti menehi iku marga pakulinan nanging sing penting duwe rasa sokur bisa ambage kabegjan lan karahayon mring wong liya.
Prayogane kita menehi iku sedyane bisa njalari berkah tumraping wong liya dadi uripe luwih kepenak lan nemoni karaharjan ing panguripane.
Krana neguhake krenteging ati duweni sipat paweweh linandhesan eklasing ati wusanane kita bakal nemoni kamareman batin.
Ya kaya mangkono iku sing diarani kabegjan sejati ing sejatining urip kang kebak kamulyan.
GEDHE PAWEWEHMU,
GEDHE kang KOKTAMPA !
JM, wanci sirep, 151020
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar