WULANG BEBASAN

   kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2822585074687278&id=1684548218490975

Gegayuhan utama jroning urip iki yaiku kanggo aweh pambiyantu wong liya.

Lamun sliramu nora bisa biyantu luwih prayoga aywa gawe runtik atine mring liyan.

Ambage esem kanthi tulusing driya iku kang prayoga

bagya ayem tentrem kang tinemu murakabi tumraping liyan.


Lamun nemoni bab kang bisa diowahi lan dibenerake, 

sajroning kahanan iku sliramu bisa nandangi, mula nora prelu was sumelang. 

Dene yen nora dibenerake uga nora kudu nguwatirake 

jalaran nora ana paedahe kuwatir babar pisan.


Wektu lumaku rikat datan ana alangan,

nora bisa muter bali wektu kanggo ngowahi kaluputan,

nora elok hamung sedheku keduwung bae

kang bisa kita ayahi migunakake wektu samengko kanthi luwih becik.


Kita datan nate bisa pikoleh katentreman ing donya iki 

nganti kita nyalarasake mring awak kita dhewe.

tansah sumendhe lan nyadhong panuntune Gusti,

berkah karahayon-Ne kang pinaringake.


Kita prelu sinau kanggo sumedya apa kang kita duweni, 

nora kanggo duweni apa kang kita sedya, 

kanggo nggayuh begja karahayon kang ajeg lan nora owah gingsir

urip tansah winengku dening Sang Hyang Widi.


JM, gagat bangun, 171020

        dening eNPe


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN