UKUMAN NJALARI KASANGSARAN

    kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2807622936183492&id=1684548218490975

Cukup akeh paripolahe manungsa kanggo nutupi kaluputane, katitik mawa ngarang crita goroh banjur ngluputake wong liya nedya nylametake awake dhewe. Wusanane ndadekake wong liya sing diluputake atas kaluputane kang ora nate tinindakake. 

Juru apus kang dhemen dadi paseksi goroh mrana mrene gawe pitenah. Sepisan ngapusi awit saka kaluputane, racake kasusul gawe goroh maneh kanggo nutupi kaluputane mau.


Elinga, sapa bae kang tumindak luput kudu legawa nampa ganjarane minangka ukuman. Emane akeh uwong kang nyelaki ukuman lan ngupaya benerke awake dhewe mawa maneka warna polah, gawe alesan ora tinemu nalar. Pangrasa atine wus katutup ora duwe rasa isin gembar-gembor kaya dene tumindake rumangsa bener dhewe. 


Akeh contone ing warta-warta medsos utawa tv2, para kang kadakwa prakara upaya gawe bukti palsu malah nyewa sang pembela karo ndengengeke sirahe lan nepuk dhadhane gumunggung yen tumindake sarwa bener lan ngluputake mungsuh ing prakarane. Pangadilan manungsa kaya mangkono iku asring kita prangguli pendhak dina. 

Mangkono uga, ing pangadilan kaswargan Gusti Allah Kang Maha Adil bakal netepake paukuman tumrap saliring kaculikan lan kaadilan.


Kita manungsa sajatine diemutake ana ing Pangandikane Gusti kang tinulis ing kitab-kitab suci agama apa bae sacara gamblang nuduhake dene UKUMAN BAKAL NJALARI KASANGSARAN ing salawase. Sapa bae kang tansah wangkot atine ora gelem mratobat, senadyan Gusti Allah tansah paring pepeling, bakal nampa ukumane Gusti! 

Mulane kita kudu tansah setya lan nindakake dhawuh pangandikan-E. Krana mangkono Gusti bakal paring berkah Sih palimirma lan kadarman-E marang kita umat kinasih.

Salam tentrem rahayu.., Gusti amberkahi.. Amin Aminnn 🙇‍♂️🙇‍♂️


JM, lingsir esuk, 011020

       dening eNPe

  

    ####00####


Banyak upaya dilakukan manusia untuk menutupi kesalahannya. Misalnya, dengan mengarang cerita bohong, lalu menyalahkan orang lain demi menyelamatkan diri. Akibatnya, orang lain dipersalahkan atas kesalahan yang tidak pernah dibuatnya.


Siapa pun yang melakukan kesalahan harus siap menerima hukuman. Sayangnya, banyak orang menghindar dari hukuman dan berupaya membenarkan diri dengan berbagai macam alasan dan argumen. Lebih parah lagi, mereka menganggap tindakannya sebagai hal yang benar. Tuhan akan menghukum setiap kejahatan dan ketidakadilan


Kita disadarkan akan firman-Nya bahwa hukuman akan mendatangkan penderitaan, bahkan rasa malu yang mendalam. Siapa pun yang terus mengeraskan hati dan tidak mau bertobat, sekalipun Allah telah memberikan peringatan, akan menerima hukuman Tuhan. Oleh karena itu, kita harus selalu taat menjalankan perintah-Nya. Dengan demikian, Allah akan memberkati hidup kita.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN