CRITA IBU LAN JURU KUNCI
kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2827286947550424&id=1684548218490975
Ana sopir mudhun saka montor mewah ing ngarep kuburan.
Dheweke mlaku tumuju pos juru kunci kuburan, celathune : "Pak, tulung temoni ibu-ibu nang njero montor iku, marga sedhela maneh dheweke bakal tilar donya."
Juri kunci kuburan iku enggal-enggal gegancangan mlaku rikat nemoni ibu-ibu sing ana montor mau.
Piyayi putri karo lemes lan pasemon sedhih buka lawang montore, karo mesem lan ujare : "Aku..., sing seprana seprene ngirim dhuwit saben rong minggu pisan supaya ditukokake sapantha kembang saperlu didokokake ing dhuwure pusara anakku. Aku mreloke mrene nedya arep nekakake pamatur nuwunku awit saka pitulungan lan kabecikanmu."
Ooooo..., dados Ibu ingkang asring ngintun yatra ta? Nyuwun duka bu, pancen yatra ingkang ibu kintunaken tansah kula tumbaske sekar, nanging... kula boten nate nyelehaken ing nginggil pusara putra Ibu..", wangsulane si juru kunci iku.
"Apa?!..., si Ibu iku kaget.
"Inggih leres Ibu.., amargi miturut pamanggih kula, tiyang ingkang sampun tilar boten badhe saged ningali eloking sekar, mila saben sekar ingkang kula tumbas, lajeng kula sukakaken ing griya sakit, tiyang kecingkrangan ingkang kula panggihi utawi dhateng tiyang ingkang nembe nandhang kasisahan."
"Tiyang2 ingkang taksih gesang kang saged ngraosaken endah lan wanginipun sekar.." wangsulane si juru kunci iku.
"Si Ibu sanalika meneng bae.
Let telung sasi candhake, sawijining piyayi putri sepuh katon ayu lan sumringah mudhun montor mlangkah tumuju pos juru kunci kuburan.
"Sugeng enjing, pak awakmu apa isih kelingan aku?... Aku Ibu sing telung sasi kepungkur nemoni awakmu, aku matur nuwun banget oleh tuladha saka awakmu. Awakmu bener, yen migateke lan gawe senenge wong sing isih urip luwih migunani tinimbang nangisi sing wus ora ana."
"Nalika aku nyoba ngeterke kembang dhewe ing Rumah Sakit utawa panti jompo, wong-wong sing kesusahan, kembang-kembang iku ora amung gawe sukarena bae, nanging.... aku uga melu ngrasakake bagya sukarena", ujare si Ibu iku karo mesem.
Bacute si Ibu iku, "Nganti saiki para dhokter ora ngerti kenapa ibu bisa mari, nanging aku bener-bener yakin dene ambage kabungahan lan kabegjan karo wong liya iku minangka obat sing bisa gawe pulih lan dadi sehatku!!"..
Aja sepisan-pisan mung mesakake awake dhewe jalaran iku bisa andadekake kita kajeglong ing luwangan kasedhihan. Krana mitulungi wong liya sejatine bisa mitulungi uga awak kita dhewe.
Ati seneng mujudake obat sing mujarab.
Gawe senenge wong liya... bisa njalari kita seneng lan bagya uga.
Nyawang mendhuwur bisa oleh semangat kanggo maju...
Nyawang kanthi tumungkul muji sokur saka kabeh kang sumadhiya...
Noleh mengiwa utawa nengen minangka semangat sarujukan bebarengan...
Noleh memburi minangka pangalaman kang migunani...
Nyumurupi jroning ati kanggo ngukur awake dhewe...
Nyawang mengarep supaya dadi luwih apik...
Wiwiti lan tansaha sarwa
UJAR BECIK, MIKIR BECIK lan TUMINDAK BECIK.
Bagya.... sacukupe, sedhih.... saprelune, nresnani.... salumrahe!
Nanging MUJIA SOKUR SAAKEH-AKEHE!
Sugeng ngresepi kabagyan ing satengahing kulawarga kinasih!
JM, sirep jalma, 211020
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar