DINA PUNGKASANING JAMAN - renungan siang -

    kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2831802237098895&id=1684548218490975

Bebendune Gusti iku mratelakake dene Dina wancine Gusti mujudake puncaking sejarah, uga pungkasaning jaman. 

Ing dina iku Gusti Allah bakal nibakake sekel ing penggalih awit dedukane Gusti mring umate kang mblasar. Ora ana dalan kanggo mlayu ndhelik, anane hamung kasusahan lan kasengsaran kang nggegirisi.


Gegambaran ing ndhuwur paling ora ana empere karo kedadean-kedadean lindhu lan lemah longsor sarta sawernane ruwida alam kang andadekake akeh kurban jiwa ing salumahe bumi. Kadadean iku andadekake wong-wong kang ora duwe daya sangsaya ngalami duhkita ing tengahing swasana ruwida.


Bisa bae kadadean-kadadean iki ukumane Gusti bisa uga dudu.., hamung Gusti Allah kang pirsa. Prayogane kita wujudake sih-tresna bebarengan asung pitulungan mring sapepadha kang nembe ketaman kasusahan murih bisaa pulih kuwat maneh.

Tresna angasihi mring sapepadha iku kersane Gusti kang jumbuh uga tresna mring Gusti sesembahan kita. 

Iku kabeh wus katulis ing Markus 12: 30-31

"Sira tresnaa marang Allahira kalawan gumolonging atinira, lan kalawan gumolonging nyawanira, sarta kalawan gumolonging budinira apadene kalawan sakabehing kakuwatanira.

Dene pepakon kang kapindho yaiku: Sira tresnaa marang ing sapepadhanira kaya marang awakira dhewe. Ora ana pepakon liyane kang ngungkuli pepakon loro iku.”


Sugeng siang! Gusti amberkahi! 


JM, madya raina, 261020

       dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN