JUJUR
ksunggah uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2815559178723201&id=1684548218490975
Wong bener kang lakune jujur,
tedhak turune padha rahayu.
Seksi goroh mesthi bakal nampani paukuman,
sarta kang ngucapake cidra bakal sirna.
Tetembungan kuwi bisa dadi sumbere kawicaksanan,
jerone kaya samodra lan seger kaya ilining kali.
Ora prayoga mbenerake wong salah lan
nyalahake sing bener ana ing pengadilan.
Wong sing jujur uripé ayem,
nanging wong sing nyleweng bakal konangan.
Wong sing ora blaka kuwi gawe susah,
wong sing ngandhakake sabenere nekakake katentreman.
Tembunge wong jujur kuwi kadya pancuraning urip,
tembunge wong juru apus isi panganiaya.
Rahayu wong kang tansah lumaku ana ing dalan kang bener
jaragan adoh saka ing panggodha.
JM, sandyakala, 91020
eNPe
Komentar
Posting Komentar