Postingan

Menampilkan postingan dari 2026

LAKU PIKNIKAN BEBARENGAN

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1B2zkmCAGH/ Wanci esuk iku, tumetese ebun gawe rasa atis, aku sakanca mecaki dalan desa. Langit isih remeng-remeng jalaran ing brang wetan sorote sang bagaskara ketutup gegodhongan. Ewasamono aku sakanca kebak semangat miwiti lumakune sikil sadalan-dalan. Karo nyangklong tas sing rada krasa abot, aku dalah kanca-kanca njangkah alon dalanan sing durung patia rame. Kawitan isih krasa entheng, jangkahe sikil isih rosa kebak daya, clotheh obrolan mili datan pedhot, ngguyu cekakak cekikik ambegan isih krasa lodhang. Nanging sangsaya adoh lakuning lelungan esuk iku ketambahan dalan rada munggah, wiwit krasa panas srengenge nyulihi adheme esuk. " Kok adoh timen ya.. !", nylethuke salah siji kanca katon krenggosan sinambi cengengesan. Aku sakanca nglegakake leren sedhela ora merga nglokro nyerah ning malah mesem angresepi nikmat kebak suka rena. Sinambi lungguh pinggir dalan ngombe banyu sangu, karo ngematake asrine sesawangan...

SAKA KRINGET MANCAL PEDHAL BECAK NGANTI TEKAN ANYIPTA BECAK LISTRIK

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/187e1UfPKh/ Kacarita, Doni 31 taun, tukang becak ing Malioboro Ngayogyakarta. Pendhak esuk jam 06.00, Doni wus nyurung becake metu seka gang ciut ing tlatah Mantrijeron. Bapake 74 taun, ibune 69 taun, sakloron wus rekasa lumaku adoh merga nandhang lelera athik-athikan (sendi) dhengkul...(osteoarthritis) Pengasilane Doni mancal pedhal becak entek kanggo wragad usada wong tuwane, lan keperluan urip saben dinane. Doni tau ditawani nyambut gawe ing Jakarta dadi sopir ekspedisi, ajeg gajine lan luwih dhuwur katandhing UMR. Nanging Doni wangsulane tansah panggah, "Yen aku lunga, sapa mengkone sing njaga lan ngopeni bapak-ibuku?" Kanca-kancane uga sering sembranan memoyok, "Uripmu ora bakal maju yen mung narik becak!" Doni mung mesem kecut. Wus lumrah lan ora mempan nampa pepoyok sarta karemehake kaya mangkono iku. Wayah awan-awan jam setengah loro, Malioboro panas gemamplang, aspal dalanan kemepul, para plancong wira-w...

LAMUN SIRÅ ING BÊBÅYÅ

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1BZK2tqnBw/ Lamun sirå ing bêbåyå, åywå mangu, tatagå! Tatag tanggõn tan suwålå, Gusti Allah datan tegå; mêsthi paring kuwåwå mbêngkas godhå rêncånå. Lamun bêbåyå ndrêbålå, adõh sih pitulungan; tindak culikå anyêrang, åywå gêtêr kalimpungan; åywå sumêlang, eling Gusti paring pangayõman. JM, madya raina, 150326             ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️             [^__^]  [^__^] 

🚀 PERANG 'RUDHAL' ISRAEL-AMRIK LAWAN IRAN 🚀

Gambar
  kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1AwW48M8Ci/ 🪖 Panel 1 – Ing Markas Militer Operator 1 : “ Wis siap kabèh?” Operator 2 : “ Siap! Iki 'rudhal'/rokèt gênêrasi anyar… pintêr bangêt tênan kih !” Operator 1 : “ Pintêr piye?” Operator 2 : “ Ana GPS, ana AI, pokoke luwih pintêr timbang sing ngêburke! ” Operator 1 : “ Yå wis… êburke rudhale !”🚀 🚀 Rudhal mabur… wus wuss wusss..🚀 --- 🚀 Panel 2 – Rudal Bingung Nang Langit Rudhal : “ Bip… bip… alamat ora kêtêmu. Tak golèk warung sik yå... heheeee ” Operator 1 : “ Lho kok mandhêg ?” Operator 2 : “ Sajake rudhale kêsasar.” Rudhal : “ Recalculating route… mampir sik golèk warung paling cêdhak .” --- 🍵 Panel 3 – Rudhal Mudhun Nang Warung Kopi Bapak Warung : “ Lha iki åpå mênèh? Rokèt åpå kulkas kêtrajang lesus? ” Rudal : “ Bip bip… golèk sasaran …” Bapak Warung : “ Sasaranmu warungku ta? Yèn arêp parkir nèng kene, tuku kopi sik, sagêlase gratis !” Drone teka 🪂. Drone : “ Nuwun sèwu Pak… kuwi rudhal duwèke mungsuh .” ...

RAPOT, ANGKANE 9 ANA TELU

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1HdZG2BzhQ/ Sentot : " Pak, sêkmbèn nèk pas prèèn kulå tumbasne sêpedha nggih ." Bapake : " Iyå, Le. Ning, rapotmu sêkolah kudu ånå ångkåne 9 lho yå. Têlu wae rapåpå, ora usah kabèh." Sentot : " Sêndikå, Pak !" 👏 Sarampunge tåmpå rapot, Sentot : " Pak, rapot kulå èntên ångkå 9-ne têlu. Sêpedhane pun ditumbasne dèrèng, Pak?" Bapake : " Waowww hebat!👍👍..., Nah, yåiku sing jênênge anake Bapak. Pintêr sêkolahe. Iku sêpedhane wis tak tukoknå. Rapotmu êndi? " Sentot : " Kulå dèkèk tên ndhuwur TV, Pak." Pas Sentot mangkat dolan nganggo sêpedhane anyar, Bapake Sentot njur mriksa rapote Sentot. Isi Rapote : Matematika = 3 IPA = 4 Penjas = 4 IPS = 4 Bahasa Indonesia = 3 Bahasa Daerah (Jawa) = 5 Sakit = 9 Izin = 9 Alpa = 9 " Hahh??. bocah ki kok mbêling têmên kih.. dhasar bocah gêmblung,   ra kênå diuntung??!" , grundêlane Bapake Sentot rumangsa kapusan dening anake. ...

AJA GUMAMPANG MBIJI WONG SAKA NJABANE

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1AVm4DNBAB/ Wanci sore ndungkap wengi, priya umuran kurang luwih swidakan taun njangkah alon lumebu lobi salah sijine hotel bintang lima ing Suroboyo. Pakulitane ireng janges sajak kebrongot srengenge iku mratandhani lamun dheweke gaweane pepuletan tetandur ing sawah. Klambine lethek warnane soklat luntur, ing pucuking pantalone ana tilas cipratan blethok lan nganggo sandhal jepit amoh sisan. Katon satleraman, sapa bae sing nyawang, yen dheweke iku mung pak tani ndesa sing lagi sepisanan mlebu kutha gedhe. Priya iku mlaku tumuju meja resepsionis klawan sopan, " Nuwun sewu, Mbak. Kula ajeng nyewa kamar setunggal kangge nyipeng sewengi. " Resepsionis enom jenenge Maria, mawa riasan praenan lan seragame rapi, nglirik priya iku karo ngematake saka pucuk rambut tekan sikil. Alise rada kaangkat, jroning pikirane, " Hotel bintang lima iki biasane mung ditekani sudhagar, pejabat utawa tamu-tamu kelas ndhuwuran, dudu pak tani ...

SAKA DODOLAN KRUPUK TEKAN NGIBERI DIRGANTARA *crita panjurung*

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1AezH6AkaA/ Masa Allah..... cecampahan wong-wong malah ndadekake mletike penjurung pambudidayan! Mataun-taun suwene, Andini Dyah A ngrewangi bapa-biyunge dodolan krupuk nedya supaya bisa tetep sekolah. Udan, panas lan rekasa wus dadi akrab. Urip prasaja ora dadekake isin, malah saka dodolan krupuk nyelengi ngimpi -ya ngimpi dhuwur sadhuwure langit niyat ingsun mlebu Akademi Militer Udara. Sawuse lulus SMA Andini nekad daptar TNI AU nadyan akeh sing nyecampah, maoni lan nyulayani, maido utawa ngremehake. " Anak bakul cilik-cilikan arep dadi perwira TNI AU? Apa bisa nandhingi lumawan anak pejabat?" , ngono kira-kira poyokan kerep keprungu. Ananging Andini ora males nganggo tetembungan, dheweke males mawa sregep nyambut gawe! 👍 Pendhak esuk dheweke nglelantih ulah raga datan kenal wigih. Saben bengi nggethu nyinaoni bahan pangayakan ujian. Kaping pira bae dheweke meh nglokro merga waragad lan adoh dununge. Nanging saben ...

BECIK KETITIK ALA KETARA

    kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/share/p/1CFq4LE3Hz/ Boten wonten prakawis kang katutupan ingkang boten badhe kawiyak, lan boten wonten prakawis  kang kasidhem (pundamel wadi) ingkang boten badhe kasumurupan. Larikan tembung ing ukara kasebat ngandhut teges kang lebet lan rowa. Ukara punika sairib kalihan tetembungan ing basa Indonesia "Barang busuk yang serapat apapun ditutupi, akhirnya akan kecium juga". Sejatosipun ukara kasebat, punapa punika ing basa Jawi punapa punika ing basa Indonesia sadaya ngandhut pitutur adi ingkang prelu ngawekani (ngatos-atos, ampun sembrana) dene tumindak punapa kemawon ingkang boten becik badhe ketawisan/ konangan ing pungkasanipun. Pramila kangge sinten kemawon ingkang ing angen-angen gadhah krenteg badhe tumindak ala, culika utawi tumindak durjana nadyan puntutup-tutupi ngantos rapet tetep kemawon wusananipun ing tembe bakal kabongkar. 'Becik ketitik ala ketara'.... punika kang bakal kedadadosan boten saged punselaki. C...

TANPÅ SWÅRÅ KÊBAK MAKNA

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1AUdM5PCkX/ Tõntõnan lêlahanan tanpå swårå nanging ngeglå kêbak ing makna. Tumrap såpå bae kang dadi pamirså têmtu duwèni grahitå kang bedå gumantung jêro pangrasaning driyå mugå rumêsêp åpå kang sinêdyå. Åywå kêbak pandugå, åywå sulåyå dumadiå pribadi kang andhap asõr. Grêgêt råså ing kahanan kang adab dõhnå pandugå ålå myang sasåmå prêduli mring kang mbutuhake. Salam têntrêm rahayu tumrap kitå sanggyaning umat kang kinasih. JM, sirep bocah , 250226             ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️             [^__^]  [^__^] 

IBUNE NGRAWUHI WISUDHA NGANGGO AGEMAN PRASAJA, PUTRANE MALAH NGATURI LENGGAH ING LARIKAN KURSI BURI.

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/17wJ3yzuvV/ Gedhong winisudhan kampus kebak ing dina iku. Para wong tuwane mahasiswa jas-jasan neces lan gaun endah nggawa bukèt kembang larang regane. Ing pojok lawang mlebu..... Wanita setengah sepuh ngadeg katon bingung. Agemane prasaja, sinelib tas cilik lawas. Sandhale malah katon wis sering dijait bola-bali. Tangane nggegem kertas uleman wisudha. Wanita iku ibune Fajar. Fajar klebu mahasiswa apik dhewe jurusan tehnik. Kanca-kancane Fajar akeh sing saka kulawarga sugih. Nalika Fajar weruh ibune rawuh.. Dheweke nuli enggal nemoni, " Bu...., Ibu katuran pinarak ing mburi ya.." Ibune mesem.. " Kenapa nak? " " Kanca-kancaku akeh sing wong tuwane pamengku lan pejabat... mengko Ibu ndhak lingsem yen pinarak ing ngarep ", wangsulane Fajar. Ibune mung manthuk alon. Dheweke datan suwala mung manut bae. Banjur lenggah ing larikan kursi mburi dhewe. Dhewekan! ya dhewekan! Nalika jeneng Fajar diundang minangka...

ANJALARI BERKAH TUMRAPING TIYANG KATHAH

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1Dw2xaQwSj/ Kalepatan tiyang satunggal saged nulari twin njalari tiyang kathah. Contonipun, rikala pemimpin negari tumindak korupsi, anjalari kapitunan rakyatipun. Kejawi punika, pamong pamarentahan sanesipun badhe nurun tumindak kang boten pinuji ngantos korupsi ngambra-ambra ing sadaya lapisan pamarentahan. Wusananipun negari saged risak lan bibrah damel sengsaranipun tiyang kathah. Boten wonten mukjijatipun Gusti lan kaniscayan ageng tinempuh amargi boten tumemenipun tiyang satunggal nuhoni mring tatanan paugeran. Kalepatanipun tiyang satunggal utaminipun ingkang nggadhahi jejering pamong, pandhega utawi pemimpin badhe andadosaken sengsaranipun tiyang kathah ing negari kasebat. Prayoginipun, patrap tanggel jawab lan ngakeni kalepatanipun sacara satriya sanget prelunipun. Mila makaten, saben tiyang kedahipun tanggel jawab ngugemi tatanan paugeran kanthi tumemen (jujur lan tanggel jawab) temah sageda murakabi lan adam...

KEBABLASAN DATAN KINENDHALENI

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1Hdaf1AYGM/ Wong grusa-grusu iku ora bisa ngempet nepsu (derenging ati), racake nggampangake samubarang cara.  Sarwa brangasan, gampang nesu datan kinendhalen. Ing jaman samengko ya jaman maju utamane babagan demokrasi, umume kabebasan banjur kabablasan ora kena dikendhaleni. Tumraping wong kang pakulinane grusa-grusu gampang keseret arus ombyaking banyu, ya ilining banyu warta-warta palsu sing semu ora kena digugu. Prayogane, aja gumampang nglegek waton nyruput datan sinaring. Ing ruang digital kang sarwa bebas gampang banget nyalin njur ngwimbuhi bumbu-bumbu manis utawa pait. Mula iku kabeh, aja nganti keblondrok lan keseret ilining kawruh kang gawe pupuh nggebug mring liyan wusanane bisa njalari kerengan twin mungsuhan. Para kadang sutresna kang kinurmatan, sumangga kita samya njaga lisan lan tulisan utamane ing rat-maya, aja nganti kita ngumbar nepsu (derenging nala) muring-muring. Kaprayogakake derenging ati ...

AYO PRÅ KÅNCÅ

    kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/share/p/1GT6E8udJC/ Ayo prå kåncå ngunjukkên kidung pujå, awit palimirmånyå nyinungkên mring manungså. Dene Panjênêngane rawuh jroning ati, ngenggalakên budi nuntun gêsang suci. Sumyakå sêru ngidung nggunggung mring Hyang Må'suci, kang paring nugråhå ngenggalakên budi, nuntun ulah-trêsnå mring sagung sêsami, mbabarkên kraharjan, nyirik ambêk krodha ing ati. Katur kadang sutrêsnå kang kinasihi, sumrambah sanggyaning prå pinundhi, ngaturakên sugêng nindakakên ngibadah Siyam suci, klawan ngêmpêt samukawis håwå nêpsu kang sayêkti, mugi tansah kinanthi dening Gusti tinêbihkên sing godhå sawanci-wanci. JM, purwaning siyam, 190226             ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️             [^__^]  [^__^] 

PÊKSI PRÊNJAK KÊKIDUNGAN

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1GXUVJXMEW/ Pêksi prênjak kêkidungan orkèstra saut-sautan pratåndhå ratri gumanti rainå. Dhuh, Gusti Ratuning jagat råyå, pitadõs kawulå namung konjuk ing ayunan Padukå. Padhange pajar wus prapti ngusir pêpêtênging ratri limênging doså tinumpês drasthånyå tumujwèng pralåyå sajati. Samangkyå kitå gumregah anambut paraking rainå twin angrêsêpi Sih sêtyåning Gusti kêbak sukårênå. Dhuh Gusti, Padukå tuking kalêrêsan, kanugrahånå kawulå ing pangajêng-ajêngan.   JM, lingsir-wetan, 170226             ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️             [^__^]  [^__^] 

PANGREKSANE GUSTI IKU PINESTHI

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1AVYTSy4bs/ Racake manungsa duweni rasa kuwatir sing banget-banget kepriye dheweke bisa nglakoni urip samengko iki lan wektu tembene. Rasa pangrasa iku bisa njalari wong uripe klisikan, melang-melang ora tentrem lan ora bagya. Malah uga nganti lara-laranen nggrogoti ragane. Pitakone kanthi prasaja, kenapa uwong rumangsa was sumelang, kuwatir? kamangka kekuwatiran kang tansah mbulet ing alam pikiran ora bisa nambahi dawane urip kita, malah bisa munggel dawa umure?. Salah siji panyebabe duweni rasa kuwatir kang keluwihen yaiku merga dheweke kurang malah ora precaya kanthi tulus marang Gusti Allah, tuwin sandeha /setengah ora pracaya marang rumeksane / panggulawenthahe Gusti kang ajaib mring uripe manungsa. Ya, perasaan kurang kapracayan iku bisa jlomprongake manungsa noleh milang-miling marang kekuwatan /ilah liya. Kita nyinaoni lan pracaya dene rineksane Gusti Allah iku pesthi, Panjenengane ora negakake, ora bakal nilar...

RAPAT RT NGREMBUG SAMPAH (uwuh, larahan)

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/18EkXECRpR/ Ing Bale Kampung, sakumpulan warga sawijining kampung lagi padha jagongan. Pak RT : " Ibu-Bapak, sugêng sõntên. Matur nuwun rawuhe. Kitå nglêmpak ing ngriki saprêlu ngrêmbag satunggaling bab kang saya dangu saya awrat, bõtên sanès bab SAMPAH (larahan, uwuh) ing tlatah padunungan kitå ." Bu Sari: " Blåkå mawõn pak RT, ngajêng griyå kulå saniki mambêt sangêt Pak! Larahan numpuk dugi kalènan." Pak Joko : " Iyå bênêr! Wingène wanci jawah dêrês, toyå ngantõs mbludak, kalènan mampêt khathah sampah plastik lan sterofoam nyumpêl." Bu Rina ngimbuhi: " Sing nyêdhihke mêlih, saperangan sampah dibucal sêmbarangan dening wargå piyambak, kamångkå tong sampah punèntên ." Pak Agus: " Bõtên namung mambu mawõn, lare-lare sami watuk lan gatêlên. Kulå kuwatõs mangke ndadèke sêsakit pak RT. " Mangkono kira-kira ramene rembugan sore iku. Pak RT sawise krungu wadulane para warga, nuli clathu: ...

KEDUWUNG DUMADINE ING TEMBE BURI

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1B2Nuews6K/ Kacarita kang Pardjo tukang bangunan wis puluhan taun nyambut gawe melu pemborong. Dheweke kepengin ngejokake pensiun alesane kejaba wus kesel uga kareben duwe wektu kumpul luwih akeh kanggo kulawarga. Ujare Si Pemborong, "Dak sarujuki pensiun sing kok ajoke, nanging panjalukku gawekna/bangunen  dhisik omah pungkasan iki sadurunge leren anggonmu arep pensiun." Pardjo banjur enggal mbangun omah sing dikersake juragane. Jalaran ngoyak enggal rampung (kejar tayang), si Pardjo nggarap anggere wae waton dadi sakecandhake. Sawise rampung, kunci dipasrahake nyang pemborong juragane. Sang pemborong karo mesem celathu: "Omah iki dakpasrahke kowe minangka ganjaran lan rasa pamatur nuwunku anggonmu wis suwe nyambut gawe melu ngrewangi aku kanthi tumemen." Iba kagete si Pardjo tukang bangunan iku, ana rasa gela banget kenapa omah iku sing sidane bakal dienggoni iku digarap angger waton dadi wae tanpa metungake ap...

PUSPÅ ANUJU ALUM

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1D72UCE1Em/ Puspå anuju alum, rainå gumanti ratri sandhang pangan maksih trus umili. Lamun sirå kråså sêpi, såpå kang anjurungi? lamun sirå muwun, såpå kang mangrêtèni? Åpå kang kõktåmpå luwih, maksih rumångså kurang, lan kang kõkprêlõke nora mêsthi katåmpå. Ing kånå nora prêlu sõrõting suryå lan rêmbulan, karånå pasuryane Gusti kang anêlahi tumitahe. Lumarap råså duhkitå, Gusti anyartani kitå, urip bagyå datan kandhêg salaminyå. Ambagyåå Dinå Langgêng, kêkidungan puji Gusti, kitå kaemutake salaminyå dening Gusti. JM, gagat bangun, 07226             ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️             [^__^]  [^__^] 

AJA DUWE PANDUGA MRING KANG SINAWANG BAE

  kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/17hf5tMSQT/ Gumebyar wayah raina ing plataran parkir restoran kondhang tengah kutha Yogja, ririh lakuning samirana wulan Desember. Dina iku, Bu Hayati sakulawarga rawuh ing restoran kasebut saprelu mengeti Ambal Warsa Palakrama kaping 25. Bu Hayati sawijining wanita sukses andarbeni Klinik Kecantikan lan limang cawang ing kutha-kutha gedhe liyane. Pangagemane karias pernak-pernik mas-masan gumebyar mblerengi sinorot cahyaning surya, Bu Hayati medhak saka montor Alphard ireng kairing garwane lan putra-putrane. Nalika arep bukak lawang, dibagekake juru parkir jaketan katon lethek topi luntur amoh, mbukakake lawang karo mesem manggakake klawan trepsila sopan. " Sugeng siang Ibu - Bapak, sugeng rawuh mugya dinten punika kebak sukarena ", pambagyane juru parkir. Bu Hayati mirsani satleraman praenane juru parkir iku. Ana kang gawe kawigaten atine (ning apa ya?), " Carane priya iku ngomong...., kog kaya wus tau kenal ya ?...

NYURASANI TEMBUNG SEPATU

  kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/17TK8ydPb1/ Embuh iki tulisane sapa, maknane jero mula akeh sing banjur ambage ing grup-grup WhatApp lan SosMed liyane : Sinau nyurasani saka tembung :         *  S E P A T U * 👢👢Wujude ora pådhå plêg             nanging cõcõg petungane... 🥾🥾Nalikå mlaku          ora tau sawiråmå,          nanging ngênêre pådhå... 👟👟Ora tau gêntènan         panggõnane,         nanging pådhådene ngganêpi...          🥿🥿Ora tau ijõlan pasangan,         nadyan wus amõh         lan jalaran wus ĺungse,         têtêp sêtyå!...          👢👢Sadrajat, sapangkat,          ora ånå sing rumångså          luwih agung utåwå luwih   ...

SARÈH LAN SABARÅ

    kapacak ugå ing  https://www.facebook.com/share/p/1Bk6tJ4prs/ Sarèh lan sabarå, he jiwaku tanggõn ing duhkitå, aywå ngrêsulå pasrahnå kasèdhihan marang Gustimu Allah sêtyå nora nguciwani mring kang satuhu angayõm Panjênêngane. Sarèh lan sabarå, he jiwaku sumendheå Gusti kang anuntunmu ing astane Allah åpå kang kawuri twin mêngkone tansah rinêkså alun gêdhe datan anrajang sirå margå jroning rumêkså lan kwåså-Nyå. Sarèh lan sabarå, he jiwaku lamun mungkuring kadang sutrêsnå sartå kêtaman ing kasêdhihan Gusti bakal nyånggå aboting momotan Sih kanugrahan kang katåmpå. Sarèh lan sabarå, he jiwaku sêdhelå manèh wancine praptå sirå kapanggih Panjênêngane anglipur samåså lungkrah klawan mêmuji sukarênå kaagungane Gusti Allah.. JM, lingsir-wetan, 27126             ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️             [^__^]  [^__^] 

NGUDI KABENERAN KANGGO MULYANE NEGARA

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1Nb1VvjvNc/ Lamun kita gagas-gagas klawan meneping nala, gonjang-ganjinge kauripan ing plataran bumi nuswantara +62 kang kita tresnani samya,  pranyata sasuwene iki ya klompok wong kang mligi sing seneng nyebar pitenah. Ya emane wong-wong iku lan para pendhereke sing ngrusak tatanan prangkat negara, ya wong-wong gemblung iku sing ngrusak sabangsa kanthi mecah belah gawe crah-e masarakat bangsa, kaya-kaya ora mempan dening ukum. 🤒 Akim Pangadilan minangka wali kaadilan ing bumi iki digawe ora ana ajine diidak-idak sakepenak wudele dhewe dhening wong-wong gemblung iku. Sabenere, manungsa kang paling dibenci Gusti Allah yaiku wong-wong kang wangkot atine mbantah lan seneng padudon, ora seneng yen ana katentreman. Nerak paugerane Gusti Allah kang kadhawuhan supaya tresna tinresnana marang sapepadhanira, iku pepakon kang gedhe lan mulya kang kinarsakake Gusti. Jebulane, ana manungsa kang pocapane landhep kaya pecahan ...

IBÅ ENDAHE ALAM

  kapacak ugå ing  https://www.facebook.com/share/p/1Bsvjssjig/ Ibå endahe alam riptane Gusti kewan, manuk, iwak, têtanêman. Dalah akåså, lintang lan rêmbulan sanggyå tåtå suryå mêmuji Gusti. Gustiku ngrêkså sajagad rat salumahing bumi manuk, margåsatwå sakabèhane kacukupan pangane. Kawucalå kawulå, Gusti, kawênganå paningal kawulå nglêlantih saking alam nyumurupi berkahing Gusti. He pårå umat sadarum sami månggå samyå tumungkul memuji wit datan kêndhat bêrkahing Gusti kang tansah tinampi rumêntah mring sirå umat kang kinasihi. JM, esuk kêkês, 210126             ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️             [^__^] [^__^]   

CRITA NRENYUHAKEN

    kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/share/p/1apxhhqfKz/ Dinten punika padharanipun Sularsih boten saged punajak janjian kosak-kosik ('kompromi'). Kraos mules wiwit dinten Minggu dalu, punika mratandhani bilih anggenipun ngandheg/nggarbini sampun wancinipun babaran. Estu kandhutanipun sampun ngancik wulan kasanga langkung. Piyambakipun ngertos bilih wancinipun sampun prapti. Nanging wonten satunggal bab kang ngganjel batosipun, boten gadhah wragad! Sedhih lan bingung, semahipun nggih sarwa kesrakat pedamelanipun pemulung, kangge nedha saben dinten kemawon taksih dereng nyekapi kepara kirang. Pendhak kraos mules, weteng kraos ketendhang-tendhang kalih mringis bingung badhe dhateng pundi pados pitulungan margi boten gadhah jaminan kesehatan. Dinten enjingipun, Sularsih punkancani bojonipun namung sangu KTP nekad bidhal pados pitulungan. Pikajengipun badhe dhateng Puskesmas, mugia wonten bidhan kang saged nyukani pitulungan. Alon-alon mlampah, dangu-dangu boten kiya...

PARA SEPUH KLOMPOK/GENERASI UNIK

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1Ae6LLHdHU/ Ing acara kulawarga, dumadakan sawijine anak anyela atur marang bapa ibune, pakdhe, paklike lan eyange sing lagi padha kumpul. Tanpa ba bi bu , "Kala rumiyinipun kados pundi panjenengan sadaya saged nglangkungi gesang menika? - boten wonten telepisi - boten wonten WiFi - boten wonten internet - boten wonten komputer - boten wonten henpone - boten wonten drone - boten wonten Facebook, Twitter, Youtube, Instagram, WhatsApp lan tehnologi komunikasi sanesipun.?" Banjur mbah-kakung ngendika ing sangarepe kabeh kulawarga ; "Thole.., putuku cah bagus sing simbah tresnani, mangertia ya piye sejatine generasi-mu urip ing jaman saiki, - ora ana donga - ora ana rasa ormat - ora duwe unggah ungguh - ora duwe rasa tanggung jawab - ora sregep ngibadah - ora duwe rasa lembah manah - ora duwe rasa tepa-slira - ora duwe rasa paseduluran, anane geng-geng motor - senenge tawuran - ora duwe rasa narima." Bacute mbah kaku...

ANGAKIMI KLAWAN ADIL

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/17fxci55eY/ Tembung angakimi (menghakimi, bs Ind) wus asring lan lumrah kita rungu ing saben dinane.  Apa maneh yen kita nggatekake ing TV bab-bab jroning prakaran ing tengahe masarakat tumindak angakimi uwong kang kaanggep nerak tatanan uriping manungsa. Contone maling pitik, kecekel njur diakimi rame-rame dening pendhudhuk kampung. Angakimi yen ditalisik ora amung bab ngukum kaluputan bae ananging sejatine duwe teges kang luwih rowa yaiku duweni teges mbiji/nganggep lan ngukum. Menehi pambiji marang uwong iku mujudake titik mula-bukane / wiwitane angakimi. Aja gampang enggal-enggal ngluputake mring liyan utawa aja ngakimi apa kang katon saka njaba, tanpa nitipriksa luwih dhisik. Mula ing tatanan ukum ana langkah panyelidikan lan panyidikan klawan nengenake panduga ora salah, ateges kudu ana alat bukti kang sah (sahih, bs.Ind). Asring uga tembung angakimi ana gandhenge karo tembung pitenah. Ya, yen ora ngati-ati ...

KRÅNÅ MANGKONO SATURUT KARSANING SANG PANGRIPTÅ

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/18AFfmxNVb/ He prå kaum mudhå lan diwåså kang binêrkahan, tansah digulåwênthah Kang Må' Kawåså, sayogyå mujiå sokur, ndêdonga lan makaryå. krånå mangkono saturut karsaning Sang Pangriptå. Argå amunggul, samodra angalun waråtå tanêman ijo lan alam nêngsêmke patut dijågå, diopèni, dirêksa krånå mangkono saturut karsaning Sang Pangriptå. Sato kewan ing bumi, manuk ing akåså, iwak ing sêgårå sartå kewan långkå patut ditrêsnani, diopèni lan dibelå krånå mangkono saturut karsaning Sang Pangriptå. He prå kadang, tarunå lan diwåså, sato kewan lan wit-witan dalah saisining donyå asung mêmujiå Gusti sakabèhane jagad råyå krånå mangkono saturut karsaning Sang Pangriptå. JM, madyå rainå, 120126             ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️             [^__^]  [^__^]   

SEKSI AHLI ING PAGELARAN PANGADILAN

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/188z6sbCc8/ Ing pungkasan iki, asring kita nguningani dene ana ing pagelaran (sidang, bs Ind) prakaran ing pangadilan wus jamak yen pehak kang kadakwa ngajokake sing jenenge seksi ahli. Seksi ahli iku ateges uwong kang diakoni duwe kawasisan kawruh kang luwih. Temtu sacara ukum kawasisan ing bab mligi saturut karo kaelmuane. Ya kaelmuan kang temtune digeluti lan dikuwasani dening sang ahli iku. Banjur sang jeksa duwe wenang ngajokake pitakonan marang seksi ahli kasebut yaiku kawasisan ing bab apa? Nanging yen sing ngaku-ngaku ahli bareng ditakoni kawasisane cep klakep ora bisa ngandharake, banjur iku sinebut apa?  Ing kene ukum kudu bisa nampa alesan kang maton ora bisa mung ngaku-ngaku bae... heemmm masarakat entuk wulangan kang bisa mbiji endi sing bener lan orane panemu bab seksi ahli miturut kacamata ukum dudu kacamata 'popularitas' (kawentar lan kondhang) bae lan kudu bisa dibuktekake sacara ukum lan sah ing ...

UKUM NYARANANI PANGAYOMAN TUMRAP SANGGYANING TIYANG SAKING RAOS KAADILAN

    kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/share/p/16v4yPrLds/ Ing salebeting negari ukum, samukawis bab dipun ukur mawi ukum / paugeran ingkang punanut. Saben pribadi pendhudhuk nggadhahi pangaos, kalenggahan sajajar lan sami ing sangajenging ukum, datan kabenten-bentenaken hak lan kewajibanipun sami. Punika ateges saben pribadi punpatrapi adil miturut kalihan solah tingkahipun. Malah kedah adhedhasar panduga boten lepat (praduga tidak bersalah), kanthi jaminan pribadi sowang-sowang dipun tanggel boten punlepataken rumiyin ngantos kabuktekaken lepat botenipun. Ing ngriki boten wonten tetiyang, punapa punika pamong, pangadeg ukum langkung-langkung pamengku kuwaos tumindak sasekacanipun piyambak kangge kapentingan pribadi. Salebeting pangadilan, kejawi punbetahaken bukti kiyat, ugi kedah wonten seksinipun sabotenipun langkung saking satunggal seksi kangge njagi boten namung saderma pamanggih amargi remen utawi boten remen. Punupadosaken sampun ngantos wonten seksi goroh...

MALING mBENGOK MALING

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1Agug85DGf/ Ing cakruk pojok kampung si Doel lan kang Karto lagi rondha. Dumadakan ana saklebatan wong mlayu karo mbengok "Malingg.... malinggg..!!" njur ing mburine wong-wong warga kampung padha ngoyak. Si Doel ujar, "Wah ana maling mbengok maling!" Kang Karto nyauti, " Lha ya aku kok njur kelingan mau bengi entes nonton acara TV ana maling alok maling, copet ndakwa copet, kamangka dompete dhewe isine dhuwit lan KTP, sarta kartu ATM asil olehe ngapusi!" Si Doel nambahi, "Eee iya iya.., ing Facebook uga ana unggahan sing persis kaya nang acara TV iku.... hemmm, ngundhat-undhat, ngelek-elek liyan, eee... lha dalah dheweke konangan yen mblithuki tanggane lan wong akeh. Pamer yen duwe sawah pirang-pirang hektar, ora ngertia asil olehe nyopet. Pamer yen ahli lan pinter dhewe ibarate duwe mata dewa bisa nembus lan nrawang 'cathetan digital'...." Si Doel nyambungi meneh, "Huhuuu..... or...

SUGÊNG MANGAYUBAGYÅ WARSÅ ENGGAL 🌄🕛🌠

Gambar
  kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1Gp2n6UM52/ Wus dugèng wancinyå kitå nilar warså lami, gyå napaki panjangnyå warsi enggal puniki, nadyan tan sagêd nujwèng mõmõtan myang kabêgjan yêkti, wit sih rahmate Gusti kitå samyå basuki. Sabên mångså tinåtå manut ing lampahirå, swau pêpanggihan samangkyå kitå pêpisahan samyå, nging tan sande tansah nyawiji nunggil ing Gusti, wit sih rahmating Gusti kitå samyå basuki. K'luhurkên Hyang Må'kwåså kang langgêng kasêtyannyå, ing warså enggal puniki nggih mêsthi tansah mbêrkahi, mung karaharjan sanyåtå ngiring lampah kitå, milå tan kêndhat mêmujiå mbangun turut mring Gusti.   SUGÊNG MANGAYUBAGYÅ WARSÅ ENGGAL 🌄🕛🌠 Mudyå bêrkahing Gusti Kang Murbå Waseså rumêntah mring kitå sanggyå umat kinasihNyå Aa_aamin 🙏 A__aamin 🙏 JM, purwaning warså, 010126             ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️             [^__^]  [^__^]