PUSPÅ ANUJU ALUM
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1D72UCE1Em/
Puspå anuju alum, rainå gumanti ratri
sandhang pangan maksih trus umili.
Lamun sirå kråså sêpi, såpå kang anjurungi?
lamun sirå muwun, såpå kang mangrêtèni?
Åpå kang kõktåmpå luwih, maksih rumångså kurang,
lan kang kõkprêlõke nora mêsthi katåmpå.
Ing kånå nora prêlu sõrõting suryå lan rêmbulan,
karånå pasuryane Gusti kang anêlahi tumitahe.
Lumarap råså duhkitå, Gusti anyartani kitå,
urip bagyå datan kandhêg salaminyå.
Ambagyåå Dinå Langgêng, kêkidungan puji Gusti,
kitå kaemutake salaminyå dening Gusti.
JM, gagat bangun, 07226
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar