AJA DUWE PANDUGA MRING KANG SINAWANG BAE

  kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/17hf5tMSQT/

Gumebyar wayah raina ing plataran parkir restoran kondhang tengah kutha Yogja, ririh lakuning samirana wulan Desember.

Dina iku, Bu Hayati sakulawarga rawuh ing restoran kasebut saprelu mengeti Ambal Warsa Palakrama kaping 25. Bu Hayati sawijining wanita sukses andarbeni Klinik Kecantikan lan limang cawang ing kutha-kutha gedhe liyane.


Pangagemane karias pernak-pernik mas-masan gumebyar mblerengi sinorot cahyaning surya, Bu Hayati medhak saka montor Alphard ireng kairing garwane lan putra-putrane. Nalika arep bukak lawang, dibagekake juru parkir jaketan katon lethek topi luntur amoh, mbukakake lawang karo mesem manggakake klawan trepsila sopan.


"Sugeng siang Ibu - Bapak, sugeng rawuh mugya dinten punika kebak sukarena", pambagyane juru parkir.

Bu Hayati mirsani satleraman praenane juru parkir iku. Ana kang gawe kawigaten atine (ning apa ya?), "Carane priya iku ngomong...., kog kaya wus tau kenal ya?", udarasane jroning batin.

Bu Hayati migatekake kanthi satiti lan dumadakan paningale mblalak,

"Mas Widya!??"... takone setengah ora percaya.


Priya iku enggal noleh mesem sumringah, "Wahh, Masya Allah.., Bu Hayati ya.... iki bener-bener ngagetke ora ngira ketemu, wus pirang taun kepungkur ya!?"

Banjur padha ngulungake tangan salaman. Bu Hayati meneng sedhela, blangkemen sawetara ora bisa ngomong. 

"Mas Widya..., sing biyen dadi Ketua OSIS SMA kita lan tansah dadi pamicara ing acara-acara 'Motivasi' ing sekolahan ta ya??"

"Bener iku aku!", wangsulane priya iku sopan.


Bu Hayati mesem rada ewuh, "Dhuh Gusti, ora ngira ya, saiki kog ngasta juru parkir, Mas???"  aloke Bu Hayati lirih rada ngati-ati kanggo njaga rasa kang kurang kepenak.

"Yaa, ngene iki, rewang-rewang ing kene," wangsulane priya iku entheng.


Sanalika iku Bu Hayati mesem sopan, lan swara batine trenyuh kebak pitakonan.

Ing batine, "Mas Widya, sing biyene wibawa banget, piye kog saiki ngasta dadi juru parkir ya??, mesakake banget", mangkono mosiking ati Bu Hayati isih bingung.


Ora let suwe, menejer resto ngampiri nedya ambagya tamu VIP Bu Hayati sing isih durung ngreti (kepo, basane cah saiki).

Bu Hayati ndangu menejer resto, swarane lirih : "Juru parkir sing jaketan nganggo topi iku apa wis suwe nyambut gawe ing kene?"


Menejer resto iku katon gumun, "Ohh, Ibu tepung kaliyan pak Widya nggih??"

"Iya, aku kanca SMA biyen. Aku kaget uga..... kog dheweke saiki dadi juru parkir!?" wangsulane Bu Hayati.

Menejer resto mesem, njur celathu alon, "Nuwun sewu Bu, mbokbilih panjenengan dereng pirsa nggih. pak Widya menika ingkang kagungan restoran punika. Malah sadaya siti ing tlatah ngriki kagunganipun. Dinten punika pak Widya pancen ngersakaken dados juru parkir, ngendikanipun kepengin ngemut-emut rikala taksih ngupadi tekatipun jaman rekaosipun."

Bu Hayati sanalika kaget owah praupane, "Apaaa???..Kenapa dheweke ora kandha!!???"

"Pancen makaten Bu, solah padatan panjenenganipun, kacriyos langkung sae dados tiyang limrah lan prasaja tinimbang dados priyayi ageng pengin punsubya-subya!", atur wangsulane menejer resto.


Kamitenggengen, Bu Hayati ngadeg njur tumuju nyedhaki parkiran. Ing kana Pak Widya lagi nata pit motor tamu-tamu resto klawan prigel lan prasaja.


Bu Hayati ngampiri, "Mas Widya.... dadi iki kabeh kagungane ya?"

Pak Widya noleh karo mesem, "Ohh iya, ..heemmm.. ning iki kabeh mung titipan. Dina iki aku pengin ngrasakake piye rasane ngladeni sapepadha. Aku kuwatir aja nganti ati iki keblinger lali asal usule." wangsulane Pak Widya prasaja.

Bu Hayati kembeng-kembeng meh bae netesake eluh, "Aku luput, ngira Mas wus tiba... kamangka sanyatane aku sing lagi sinau mbrangkang, jebulane durung ngreti enere sing bener."


Pak Widya mbacutake celathu lirih, "Ing pituture priyayi sepuh lan ajaran Agama, sing utama mulya iku dudu sing menang, nanging sing kebak rasa sokur lan atur pangabekti marang Gusti Kang Ma' Kawasa. Kadhang ngabekti iku butuh ujian. Ujian iku dununge ana ing kasuksesan kang bisa gawe lali sangkan paraning urip kita..."


Bu Hayati tumungkul, rumangsa katampek, njur sumaur lirih, "Mas ..., aku dina iki oleh kawruh akeh saka njenengan. Nyuwun ngapura ya, aku gela banget duwe panduga sembrana kurang tata-prayitna."


Pak Widya nepuk pundhake, "Puji sokur Gusti.., muga rejeki kita tansah kebak berkah, lan bisa murakabi kabecikan mring sasama."

"Gusti amberkahi... Aa_aamin🙏"


JM, esuk kĂȘkĂȘs, 02226

          ✍️ 𝖊đ•čđ•»đ–Š ✍️

          [^__^]  [^__^]



Komentar

Postingan populer dari blog ini

JÊRITAN NGISOR KRÊTÊG

BÊBÊNDU

SWÅRÅ LÊMBAH KANG SÊPI -kagagas lan kaangĂȘn-