TANPÅ SWÅRÅ KÊBAK MAKNA
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1AUdM5PCkX/
Tõntõnan lêlahanan tanpå swårå
nanging ngeglå kêbak ing makna.
Tumrap såpå bae kang dadi pamirså
têmtu duwèni grahitå kang bedå
gumantung jêro pangrasaning driyå
mugå rumêsêp åpå kang sinêdyå.
Åywå kêbak pandugå, åywå sulåyå
dumadiå pribadi kang andhap asõr.
Grêgêt råså ing kahanan kang adab
dõhnå pandugå ålå myang sasåmå
prêduli mring kang mbutuhake.
Salam têntrêm rahayu tumrap kitå sanggyaning umat kang kinasih.
JM, sirep bocah, 250226
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar