PÊKSI PRÊNJAK KÊKIDUNGAN
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1GXUVJXMEW/
Pêksi prênjak kêkidungan orkèstra saut-sautan pratåndhå ratri gumanti rainå.
Dhuh, Gusti Ratuning jagat råyå,
pitadõs kawulå namung konjuk ing ayunan Padukå.
Padhange pajar wus prapti ngusir pêpêtênging ratri
limênging doså tinumpês drasthånyå tumujwèng pralåyå sajati.
Samangkyå kitå gumregah anambut paraking rainå
twin angrêsêpi Sih sêtyåning Gusti kêbak sukårênå.
Dhuh Gusti, Padukå tuking kalêrêsan,
kanugrahånå kawulå ing pangajêng-ajêngan.
JM, lingsir-wetan, 170226
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar