KEDUWUNG DUMADINE ING TEMBE BURI

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1B2Nuews6K/

Kacarita kang Pardjo tukang bangunan wis puluhan taun nyambut gawe melu pemborong.

Dheweke kepengin ngejokake pensiun alesane kejaba wus kesel uga kareben duwe wektu kumpul luwih akeh kanggo kulawarga.


Ujare Si Pemborong, "Dak sarujuki pensiun sing kok ajoke, nanging panjalukku gawekna/bangunen  dhisik omah pungkasan iki sadurunge leren anggonmu arep pensiun."


Pardjo banjur enggal mbangun omah sing dikersake juragane. Jalaran ngoyak enggal rampung (kejar tayang), si Pardjo nggarap anggere wae waton dadi sakecandhake.


Sawise rampung, kunci dipasrahake nyang pemborong juragane.

Sang pemborong karo mesem celathu: "Omah iki dakpasrahke kowe minangka ganjaran lan rasa pamatur nuwunku anggonmu wis suwe nyambut gawe melu ngrewangi aku kanthi tumemen."


Iba kagete si Pardjo tukang bangunan iku, ana rasa gela banget kenapa omah iku sing sidane bakal dienggoni iku digarap angger waton dadi wae tanpa metungake apik orane.

Mosike ing batin si Pardjo, "Saupama  aku ngreti sadurunge, yen omah iki bakal kawenehake aku, .... mesthine omah iki dakbangun klawan tumemen saapik-apike.." đŸ«ĄđŸ€­


Para kadang sutresna PBJ..., salebeting ngibadah kang kita lampahi ing donya puniki, boten sanes ngibarataken 'GRIYA' kang nembe kita bangun kangge kita panggeni ing mangkenipun nalika lumebet pensiun saking pagesangan ing donya.


Sampun ngantos ing tembenipun keduwung jalaran manggeni griya kang kita bangun sawontenipun waton rampung.


Eliding carios kang saged kapethik : Sumangga kadadosaken gesang punika langkung nggadhahi paedah...

Punewahi lan kajangkepana kanthi tumemen cara ibadah tuwin solah bawa kita, sampun ngantos namung nggampilaken waton nglampahi ibadah supados boten kasep lan keduwung ing tembenipun.


Salam tentrem rahayu ingkang pinangkanipun saking Gusti, mugi kasarira mring kita sanggyaning umating Gusti.... Aa_aamin A__aamin 🙏🙏


JM, enjing kĂȘkĂȘs, 10226

          ✍️ 𝖊đ•čđ•»đ–Š ✍️

          [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

JÊRITAN NGISOR KRÊTÊG

BÊBÊNDU

SWÅRÅ LÊMBAH KANG SÊPI -kagagas lan kaangĂȘn-