RAPAT RT NGREMBUG SAMPAH (uwuh, larahan)
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/18EkXECRpR/
Ing Bale Kampung, sakumpulan warga sawijining kampung lagi padha jagongan.
Pak RT : "Ibu-Bapak, sugêng sõntên. Matur nuwun rawuhe. Kitå nglêmpak ing ngriki saprêlu ngrêmbag satunggaling bab kang saya dangu saya awrat, bõtên sanès bab SAMPAH (larahan, uwuh) ing tlatah padunungan kitå."
Bu Sari: "Blåkå mawõn pak RT, ngajêng griyå kulå saniki mambêt sangêt Pak! Larahan numpuk dugi kalènan."
Pak Joko : "Iyå bênêr! Wingène wanci jawah dêrês, toyå ngantõs mbludak, kalènan mampêt khathah sampah plastik lan sterofoam nyumpêl."
Bu Rina ngimbuhi: "Sing nyêdhihke mêlih, saperangan sampah dibucal sêmbarangan dening wargå piyambak, kamångkå tong sampah punèntên."
Pak Agus: "Bõtên namung mambu mawõn, lare-lare sami watuk lan gatêlên. Kulå kuwatõs mangke ndadèke sêsakit pak RT."
Mangkono kira-kira ramene rembugan sore iku.
Pak RT sawise krungu wadulane para warga, nuli clathu: "Kulå ugi nampi lapuran, èntên wargå njaban kampung kitå, bucal larahan dalu-dalu ing ngriki. Nanging pripun jal yèn kitå piyambak dèrèng têrtib, angèl ajêng mênging tiyang sanès."
Kabeh padha cep klakep datan sabawa sawetara wektu.🫡🫣
Banjur ana sing nyauti, Bu Sari sing rada 'vokal' : "Mênåwå kênå usul, kitå prêlu jadwal angkut sing gênah. Saniki kan kadhang rõng dinå pisan, kadhang têlung dinå pisan nêmbe diangkut!"
Pak Joko: "Sêtuju! Sarujuk! Mênawi sagêd dipilah riyin, sampah plastik kalih sampah organik dipisah. Ampun di campur!"
Bu Rina ngimbuhi: "Nèk pêrlu èntên sangsine niku, bõtên kangge ngukum ning kangge 'pêlajaran', bèn sami kapõk. Nèk diêjarne, kampung kitå sagêd dadi nggên pambuwangan sampah!"
Pak Agus: "Kêrja bakti gõtõng rõyõng prêlu niku. Ampun ngantõs ngåmbrå-åmbrå nêmbe umyêk."
Cecaturan wawan rembug sangsaya rame, kabeh warga padha unêg-unêg urun rembug aweh gagasan werna-werna. Ya kaya ngono iku sing diarani demokrasi nadyan wengkone cilik.
Ora maido bab sampah sacara nasional dadi prekara kang ora bisa dianggep remeh. Nganti dadi kawigatene Presiden nalika ana pepanggihan kepala-kepala Dhaerah lan Pamarintah Pusat.
Pak RT njur gawe ringkesan:
"Lha nggih pun, kacathêt ringkêse :
a. kitå prêlu têrtib buwang sampah
b. galake mêlih gõtõng rõyõng
c. têtêpke jadwal angkut sing pêsthi
d. damêl 'têguran' sing nglanggar botên kenå protès." ✍️👍
Bu Sari isih nyauti meneh:
"Mugå dudu mung rapat mawon dintên niki, Pak. Lingkungan rêsik niku tanggêl jawab kitå sami. .....Hidup pak RT! ....Hidup kampung kitå!" ✊️
Sambunge pak RT: "Lêrês Bu. Mênawi sanès kitå kang prêduli, sintên malih jal?"
Mungkasi ketemuan, pak RT nuthuk meja, "Rapat ditutup!" ....dhog.. dhog..!🔨🔨
Kabeh warga padha salam-salaman, mulih sowang-sowang karo nggawa pikiran dhewe-dhewe.🤝
Rahayu samya pinanggih
Sugeng ngayahi jejibahan.
JM, sirep bocah, 12226
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar