KEBABLASAN DATAN KINENDHALENI
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1Hdaf1AYGM/
Wong grusa-grusu iku ora bisa ngempet nepsu (derenging ati), racake nggampangake samubarang cara.
Sarwa brangasan, gampang nesu datan kinendhalen.
Ing jaman samengko ya jaman maju utamane babagan demokrasi, umume kabebasan banjur kabablasan ora kena dikendhaleni. Tumraping wong kang pakulinane grusa-grusu gampang keseret arus ombyaking banyu, ya ilining banyu warta-warta palsu sing semu ora kena digugu.
Prayogane, aja gumampang nglegek waton nyruput datan sinaring. Ing ruang digital kang sarwa bebas gampang banget nyalin njur ngwimbuhi bumbu-bumbu manis utawa pait. Mula iku kabeh, aja nganti keblondrok lan keseret ilining kawruh kang gawe pupuh nggebug mring liyan wusanane bisa njalari kerengan twin mungsuhan.
Para kadang sutresna kang kinurmatan, sumangga kita samya njaga lisan lan tulisan utamane ing rat-maya, aja nganti kita ngumbar nepsu (derenging nala) muring-muring. Kaprayogakake derenging ati mau wujud ulah-tresna asih-angasihi mring sasama, nebihna saking sulaya, kebak ing apura-angapura mligine ing wulan pasa.
Salam tentrem rahayu muga kasokake dening Gusti Kang Ma' Asih mring kita sabangsa, bangsa Indonesia.
Gusti amberkahi kita samya..., đAa_aamin A__aaminđ
JM, esuk kekes, 200226
✍️ đđčđ»đ ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar