ANJALARI BERKAH TUMRAPING TIYANG KATHAH
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1Dw2xaQwSj/
Kalepatan tiyang satunggal saged nulari twin njalari tiyang kathah.
Contonipun, rikala pemimpin negari tumindak korupsi, anjalari kapitunan rakyatipun. Kejawi punika, pamong pamarentahan sanesipun badhe nurun tumindak kang boten pinuji ngantos korupsi ngambra-ambra ing sadaya lapisan pamarentahan. Wusananipun negari saged risak lan bibrah damel sengsaranipun tiyang kathah.
Boten wonten mukjijatipun Gusti lan kaniscayan ageng tinempuh amargi boten tumemenipun tiyang satunggal nuhoni mring tatanan paugeran. Kalepatanipun tiyang satunggal utaminipun ingkang nggadhahi jejering pamong, pandhega utawi pemimpin badhe andadosaken sengsaranipun tiyang kathah ing negari kasebat.
Prayoginipun, patrap tanggel jawab lan ngakeni kalepatanipun sacara satriya sanget prelunipun. Mila makaten, saben tiyang kedahipun tanggel jawab ngugemi tatanan paugeran kanthi tumemen (jujur lan tanggel jawab) temah sageda murakabi lan adamel berkah tumrap tiyang kathah.
Prelu dipunpahami sesarengan bilih kangge ngreksa abdi-Nipun, Gusti Allah kanthi sekel ing penggalih klawan awrat ndhawahaken ukuman utawi bebendu tumrap boten mituhunipun maring dhawuh wewaleripun Gusti.
Pramila boten saged denselaki, sadaya lapisan masarakat wiwit saking ngandhap dumuginipun pemimpin lan panguwaos pamarentahan prelu samidene mratobat, inggih mratobat sacara nasional.
Ing ngriki nelakaken dene mentes botenipun bebudenipun tiyang kang becik lan leres, mliginipun tumraping pemimpin, panguwaos, kasetyanipun klebet kajujuran ingkang temen-temen salebeting ngayahi darmaning tugas badhe tinulad dening rakyatipun. Mila boten elok menawi wonten saperangan tiyang boten purun ngaosi pemimpinipun klawan ngolok-olok anyebar seserikan pados pandherek ing ratmaya.
Mugi rahayu kang tinemu
Gusti amberkahi.... đAa_aamin A__aamin đ
JM, ndungkap enjing, 220226
✍️ đđčđ»đ ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar