PANGREKSANE GUSTI IKU PINESTHI

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1AVYTSy4bs/

Racake manungsa duweni rasa kuwatir sing banget-banget kepriye dheweke bisa nglakoni urip samengko iki lan wektu tembene. Rasa pangrasa iku bisa njalari wong uripe klisikan, melang-melang ora tentrem lan ora bagya. Malah uga nganti lara-laranen nggrogoti ragane.


Pitakone kanthi prasaja, kenapa uwong rumangsa was sumelang, kuwatir? kamangka kekuwatiran kang tansah mbulet ing alam pikiran ora bisa nambahi dawane urip kita, malah bisa munggel dawa umure?.


Salah siji panyebabe duweni rasa kuwatir kang keluwihen yaiku merga dheweke kurang malah ora precaya kanthi tulus marang Gusti Allah, tuwin sandeha /setengah ora pracaya marang rumeksane / panggulawenthahe Gusti kang ajaib mring uripe manungsa. Ya, perasaan kurang kapracayan iku bisa jlomprongake manungsa noleh milang-miling marang kekuwatan /ilah liya.


Kita nyinaoni lan pracaya dene rineksane Gusti Allah iku pesthi, Panjenengane ora negakake, ora bakal nilarake umat kang kinasihi. Gusti tansah nuntun, angreksa / nggulawenthah kalawan maneka cara gumantung kaanane umat dhewe-dhewe, siji lan sijine ora padha.


Panuntun ing pangayunane Gusti Allah iba Agunge, kang datan bisa jinangka alam pikire manungsa. Sumangga kita tulus konjuk sokur lan nyingkur rasa was sumelang, sabab Gusti wus, nembe lan bakal terus ngirid, nganthi lan ngreksa urip kita. Kita terus lan aja kendhat ngupaya ngenali mukjijad pakaryane Gusti tumekaning urip kita kebak ing rasa sokur.


Puji Gusti, salam tentrem rahayu kang pinangkanipun saking Gusti, mugi kasarira dhateng kita umat kinasih-Ipun.

Gusti amberkahi.... Aa_aamin A__aamin 🙏🙏


JM, parak esuk, 15226

          ✍️ 𝖊đ•čđ•»đ–Š ✍️

          [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

JÊRITAN NGISOR KRÊTÊG

BÊBÊNDU

SWÅRÅ LÊMBAH KANG SÊPI -kagagas lan kaangĂȘn-