IBUNE NGRAWUHI WISUDHA NGANGGO AGEMAN PRASAJA, PUTRANE MALAH NGATURI LENGGAH ING LARIKAN KURSI BURI.

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/17wJ3yzuvV/

Gedhong winisudhan kampus kebak ing dina iku.

Para wong tuwane mahasiswa jas-jasan neces lan gaun endah nggawa bukèt kembang larang regane.


Ing pojok lawang mlebu.....

Wanita setengah sepuh ngadeg katon bingung.

Agemane prasaja, sinelib tas cilik lawas.

Sandhale malah katon wis sering dijait bola-bali.

Tangane nggegem kertas uleman wisudha.

Wanita iku ibune Fajar.


Fajar klebu mahasiswa apik dhewe jurusan tehnik.

Kanca-kancane Fajar akeh sing saka kulawarga sugih.


Nalika Fajar weruh ibune rawuh..

Dheweke nuli enggal nemoni,

"Bu...., Ibu katuran pinarak ing mburi ya.."


Ibune mesem..

"Kenapa nak?"


"Kanca-kancaku akeh sing wong tuwane pamengku lan pejabat... mengko Ibu ndhak lingsem yen pinarak ing ngarep", wangsulane Fajar.


Ibune mung manthuk alon.

Dheweke datan suwala mung manut bae. Banjur lenggah ing larikan kursi mburi dhewe. Dhewekan! ya dhewekan!


Nalika jeneng Fajar diundang minangka lulusan sing apik dhewe...

Kabeh tamu undangan padha ngadeg karo keplok.🤗


Fajar lumaku nuju panggung.

Mikropon ing ngarepe.

Dheweke nyawang mengarep arah larikan kursi buri dhewe.

Nuli datan njarag... mripate kaya clingukan sajak ana sing digoleki....


Tinemu ing larikan kursi buri dhewe.

Katon sinawang ibune ngadeg, keplok tangan seru dhewe, eluhe ndlewer ing pipi. 😭


Klawan kaca-kaca ngempet eluh.....

Fajar unjal ambegan karo ngeleg idu.

Tumuli, ukara sepisanan sing kawetu,

"Matur nuwun Ibu, sampun kepareng nglumantar lan nggulawenthah kula....lst lst"  🥰

Sanalika gawe kabeh saisi gedhong wisudhan sidhem cep klakep padha noleh memburi melu trenyuh.🥲


hemm... nuwun sewu kapunggel cariosipun 👌 

..., sumangga para sutresna PBJ, mbokbilih katuran wonten ingkang kepareng badhe nglajengaken piyambak...✍️✍️🫴

nyuwun pangapunten.., matur nuwun 👌👏


JM, bangun enjing, 240226

          ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

          [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

JÊRITAN NGISOR KRÊTÊG

BÊBÊNDU

SWÅRÅ LÊMBAH KANG SÊPI -kagagas lan kaangên-