AYO PRÅ KÅNCÅ
kapacak ugi ing https://www.facebook.com/share/p/1GT6E8udJC/
Ayo prå kåncå ngunjukkên kidung pujå,
awit palimirmånyå nyinungkên mring manungså.
Dene Panjênêngane rawuh jroning ati,
ngenggalakên budi nuntun gêsang suci.
Sumyakå sêru ngidung nggunggung mring Hyang Må'suci,
kang paring nugråhå ngenggalakên budi,
nuntun ulah-trêsnå mring sagung sêsami,
mbabarkên kraharjan, nyirik ambêk krodha ing ati.
Katur kadang sutrêsnå kang kinasihi,
sumrambah sanggyaning prå pinundhi,
ngaturakên sugêng nindakakên ngibadah Siyam suci,
klawan ngêmpêt samukawis håwå nêpsu kang sayêkti,
mugi tansah kinanthi dening Gusti
tinêbihkên sing godhå sawanci-wanci.
JM, purwaning siyam, 190226
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar