SEKSI AHLI ING PAGELARAN PANGADILAN
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/188z6sbCc8/
Ing pungkasan iki, asring kita nguningani dene ana ing pagelaran (sidang, bs Ind) prakaran ing pangadilan wus jamak yen pehak kang kadakwa ngajokake sing jenenge seksi ahli.
Seksi ahli iku ateges uwong kang diakoni duwe kawasisan kawruh kang luwih. Temtu sacara ukum kawasisan ing bab mligi saturut karo kaelmuane. Ya kaelmuan kang temtune digeluti lan dikuwasani dening sang ahli iku.
Banjur sang jeksa duwe wenang ngajokake pitakonan marang seksi ahli kasebut yaiku kawasisan ing bab apa? Nanging yen sing ngaku-ngaku ahli bareng ditakoni kawasisane cep klakep ora bisa ngandharake, banjur iku sinebut apa?
Ing kene ukum kudu bisa nampa alesan kang maton ora bisa mung ngaku-ngaku bae... heemmm masarakat entuk wulangan kang bisa mbiji endi sing bener lan orane panemu bab seksi ahli miturut kacamata ukum dudu kacamata 'popularitas' (kawentar lan kondhang) bae lan kudu bisa dibuktekake sacara ukum lan sah ing sangarepe pagelaran pangadilan.
Sejarah bakal nyathet lakune pagelaran prakaran ing pangadilan kanthi gamblang ener lan ancase pagelaran iku. Kaadilan bener-bener diuji dening tatanan uriping masarakat sawijining negara ukum.
Jeksa, seksi, pambela ukum lan sang akim duwe kalungguhan dhewe-dhewe kang bisa mikolehake panetepan kang disedya saadil-adile satuhu karo rasa kaadilane masarakat.
Mangkono kira-kira sacara umum gambaran lakune prakaran ing pangadilan kang wus dadi padatan tatanan ukum ing Indonesia.
Sumangga đ«Žđ«Ž
JM, wanci sore, 100126
✍️ đđčđ»đ ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar