PARA SEPUH KLOMPOK/GENERASI UNIK
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1Ae6LLHdHU/
Ing acara kulawarga, dumadakan sawijine anak anyela atur marang bapa ibune, pakdhe, paklike lan eyange sing lagi padha kumpul.
Tanpa ba bi bu , "Kala rumiyinipun kados pundi panjenengan sadaya saged nglangkungi gesang menika?
- boten wonten telepisi
- boten wonten WiFi
- boten wonten internet
- boten wonten komputer
- boten wonten henpone
- boten wonten drone
- boten wonten Facebook, Twitter, Youtube, Instagram, WhatsApp lan tehnologi komunikasi sanesipun.?"
Banjur mbah-kakung ngendika ing sangarepe kabeh kulawarga ;
"Thole.., putuku cah bagus sing simbah tresnani, mangertia ya piye sejatine generasi-mu urip ing jaman saiki,
- ora ana donga
- ora ana rasa ormat
- ora duwe unggah ungguh
- ora duwe rasa tanggung jawab
- ora sregep ngibadah
- ora duwe rasa lembah manah
- ora duwe rasa tepa-slira
- ora duwe rasa paseduluran, anane geng-geng motor
- senenge tawuran
- ora duwe rasa narima."
Bacute mbah kakung ngendika meneh :
"Mangertia cah bagus, para generasi kasepuhan kang miyos antarane taun 1920 tekan 1975, generasi sing binerkahan, ing urip iki sawijine bukti kang becik dhewe.
- mulih sekolah kudu enggal nggarap PR, lagi oleh dolan.
- kanca-kanca dolan nyata-nyata kanca beneran dudu kanca 'virtual' ing medsos (rat maya)
- jamane wong tuwa biyen, dolanan gawe dhewe kaya ta gangsingan, blandring (ketapel), tulup-tulupan, bedhil-bedhilan, montor-montoran lan liya-liyane.
- wong tuwane simbah dudu wong sugih, dhaharan lawuhe saanane endhog bae kudu paroan karo kakang adhine, sing tuwa kudu ngalah
- para sepuh paring sih katresnan lan pendhidhikan budi pakerti, ora wujud dhuwit utawa barang-barang,
- ya simbah lan uga bapa ibumu ora kagungan dvd, radio, komputer apa meneh henpone, nanging duwene kanca-kanca tepungan sing bener-bener nyata lan tansah ketemuan silaturahmi klebu reunian."
- kluwarga manggone/omahe cedhak-cedhakan sakampung bisa tansah urip kumpul, guyub rukun antarane siji lan sijine uga marang tangga teparo.
- photo-photo isih hitam-putih, ning kenangane sing berwarna duwe makna
- para sepuh leluhurmu, klompok /generasi kang unik/istimewa bisa nampa akeh bab urip, merga generasi sing ngrungoke lan nggateke pituture wong tuwa, lan generasi sing ngrungokake uga sesambate bocah-bocah.
Para sepuh ya bapa-ibumu klebu generasi langka ing jamane.
Perlu kok cathet, kang lair taun 40-an, 50-an lan ing taun 60-an.
- mundhak gedhe taun 50-an, 60-an lan 70-an banjur ngancik sekolah ing taun 60-an, 70-an lan 80-an
- yang-yangan /pacaran taun 70-an, 80-an lan 90-an
- ningkahan lan bebrayan ing taun 70-an, 80-an lan 90-an.
Mangertia uga lan catheten ing HP-mu, dene para sepuh klebu wong tuwamu ngliwati pitung tekan wolung jaman kang beda, rong abad kang beda, rong melenium beda.
- ngalami jamane telpun sing isih perlu operator nganti saiki ngalami pideo-an myang negara ngamanca
- ngalami musik jamane piringan hitam, kaset nganti musik digital
- ngalami nganggo mesin ketik nganti komputer
- ngalami gawe layang tulis tangan tekan saiki kirim warta liwat WA
- ngalami uga nonton pertandhingan badminton liwat TV hitam putih nglurug omahe tanggane, lan saiki ngrasale tv digital.n
Para sepuh klebu wong tuwamu ngalami akeh banget bab-bab rekasa nanging tetep duwe rasa sokur kanugrahan kang tinampa saka Gusti Allah Kang Kagungan Gesang iki."
Ngendikane simbah banjure kena karingkes,
- kita para sepuh yaiku generasi kang nyekseni, ngalami sakabehan bab kang beda-beda jamane, bener-bener generasi kang kudu bisa nurut ombyaking jaman kang terus ngalami owah-owahan kemajuan tehnologi."
Wusana, salam urmat kagem klompok istimewa generasi kasepuhan, generasi langka lan minangka dadi generasi sing bener-bener unik/istimewa. đđ
JM, gagat-bangun, 18126
✍️ đđčđ»đ ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar