MALING mBENGOK MALING
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1Agug85DGf/
Ing cakruk pojok kampung si Doel lan kang Karto lagi rondha. Dumadakan ana saklebatan wong mlayu karo mbengok "Malingg.... malinggg..!!" njur ing mburine wong-wong warga kampung padha ngoyak.
Si Doel ujar, "Wah ana maling mbengok maling!"
Kang Karto nyauti, " Lha ya aku kok njur kelingan mau bengi entes nonton acara TV ana maling alok maling, copet ndakwa copet, kamangka dompete dhewe isine dhuwit lan KTP, sarta kartu ATM asil olehe ngapusi!"
Si Doel nambahi, "Eee iya iya.., ing Facebook uga ana unggahan sing persis kaya nang acara TV iku.... hemmm, ngundhat-undhat, ngelek-elek liyan, eee... lha dalah dheweke konangan yen mblithuki tanggane lan wong akeh. Pamer yen duwe sawah pirang-pirang hektar, ora ngertia asil olehe nyopet. Pamer yen ahli lan pinter dhewe ibarate duwe mata dewa bisa nembus lan nrawang 'cathetan digital'...."
Si Doel nyambungi meneh, "Huhuuu..... ora rumangsa ('nyadhar') yen ing dhuwure langit isih ana langit, bakal kecekel githoke!.... kapokmu kapan!"
Kang Karto ngimbuhi, "Lah piye jal, mosok ngajoke utang nang BankDes ing Surat Tanah sing diborege/ditanggungke jenenge beda karo ing KTP!? lha ya mesthine ditampik ta ya... eee malah ngomyang-omyang (mencak-mencak) nang petugas bank."
Iku bisa kaaranan sandiwara sababag ing pungkasan taun 2025, ngancik ing taun anyar kita enteni wae babag bacute bakal luwih rame..... sabar ya ditunggu piye kawusane!?
Muga samya becik kang dumadi, sing cetha salah gaweane mung bengok-bengok nyebar apus-apus enggal dicandhak jebloske bui. đ✍️✋️
JM, madya raina, 03126
✍️ đđčđ»đ ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar