UKUM NYARANANI PANGAYOMAN TUMRAP SANGGYANING TIYANG SAKING RAOS KAADILAN

   kapacak ugi ing https://www.facebook.com/share/p/16v4yPrLds/

Ing salebeting negari ukum, samukawis bab dipun ukur mawi ukum / paugeran ingkang punanut. Saben pribadi pendhudhuk nggadhahi pangaos, kalenggahan sajajar lan sami ing sangajenging ukum, datan kabenten-bentenaken hak lan kewajibanipun sami. Punika ateges saben pribadi punpatrapi adil miturut kalihan solah tingkahipun. Malah kedah adhedhasar panduga boten lepat (praduga tidak bersalah), kanthi jaminan pribadi sowang-sowang dipun tanggel boten punlepataken rumiyin ngantos kabuktekaken lepat botenipun. Ing ngriki boten wonten tetiyang, punapa punika pamong, pangadeg ukum langkung-langkung pamengku kuwaos tumindak sasekacanipun piyambak kangge kapentingan pribadi.


Salebeting pangadilan, kejawi punbetahaken bukti kiyat, ugi kedah wonten seksinipun sabotenipun langkung saking satunggal seksi kangge njagi boten namung saderma pamanggih amargi remen utawi boten remen. Punupadosaken sampun ngantos wonten seksi goroh, kang sajatosipun njarag adamel tiyang kang boten lepat punukum, makaten ugi kosok-wangsulipun kang lepat dipun luwari / kabebasaken.


Senadyan katingalipun pait, sejatosipun ukum punetrapaken kangge ngayomi sadaya pribadi pendhudhuk /masarakat. Ukum ngreksa supados boten ngakimi ('main hakim') piyambak, nerak hak lan boten wonten kaseksen goroh/palsu. 

Krana makaten, tiyang kang boten lepat saged punsingkuri utawi punendhani pepancasan panetepan ukum kang boten samesthinipun punpikul ing pundhakipun, supados boten wonten nerak hak dhasar ('pelanggaran hak asasi.') kamanungsan.

Kosok-wangsulipun tiyang ingkang lepat pikantuk ukuman samesthinipun supados ndadosaken kapok (efek jera), tuwin ukum dipun angkah ugi panetepanipun boten nglangkungi saking kalepatanipun. 


Makaten ing salebeting gesang, ukum utawi paugeran samesthinipun sageda nyaranani pangayoman mring raos kaadilanipun masarakat sadaya.


Salam tentrem rahayu mugi kasalira mring kita sadaya.... Aa_aamin A__aamin 🙏🙏


JM, wanci enjing, 070126

          ✍️ 𝖊đ•čđ•»đ–Š ✍️

          [^__^]  [^__^]



Komentar

Postingan populer dari blog ini

JÊRITAN NGISOR KRÊTÊG

BÊBÊNDU

SWÅRÅ LÊMBAH KANG SÊPI -kagagas lan kaangĂȘn-