CRITA NRENYUHAKEN
kapacak ugi ing https://www.facebook.com/share/p/1apxhhqfKz/
Dinten punika padharanipun Sularsih boten saged punajak janjian kosak-kosik ('kompromi'). Kraos mules wiwit dinten Minggu dalu, punika mratandhani bilih anggenipun ngandheg/nggarbini sampun wancinipun babaran. Estu kandhutanipun sampun ngancik wulan kasanga langkung. Piyambakipun ngertos bilih wancinipun sampun prapti. Nanging wonten satunggal bab kang ngganjel batosipun, boten gadhah wragad! Sedhih lan bingung, semahipun nggih sarwa kesrakat pedamelanipun pemulung, kangge nedha saben dinten kemawon taksih dereng nyekapi kepara kirang.
Pendhak kraos mules, weteng kraos ketendhang-tendhang kalih mringis bingung badhe dhateng pundi pados pitulungan margi boten gadhah jaminan kesehatan.
Dinten enjingipun, Sularsih punkancani bojonipun namung sangu KTP nekad bidhal pados pitulungan. Pikajengipun badhe dhateng Puskesmas, mugia wonten bidhan kang saged nyukani pitulungan. Alon-alon mlampah, dangu-dangu boten kiyat margi sampun ketungka pecah ketuban. Lajeng sakloron menggok ing sawijining emper toko kang taksih tutup, nuli gelaran sarung ing ngriku. Sanalika jabang bayi boten sranta lair kanthi kepireng swanten tangis seru, ngowek-owekkk. Boten wonten ingkang nulungi, kejawi kaleresan wonten bakul sayuran langkung kang nembe badhe dhateng peken. Lha nggih.. , nadyan tanpa alat-alat kesehatan kang punbetahaken, babaran saged kaleksanan kanthi wilujeng.
Kadadosan kadya makaten punika sampun jamak ing papan padunungan ing kanthong-kanthong kamiskinan. Boten saged punselaki bilih program BPJS - JKN dereng saged punranggeh/pungayuh dening masarakat kadya Sularsih punika. Taksih kathah masarakat kang boten mangertos lan boten gampil saged sinambung kalihan program punika. Mila pehak kang gadhah wenang lan kawogan prelu paring layanan ingkang gampil kadospundi caranipun sageda masarakat alit 'wong cilik' pikantuk jaminan kesehatan lelahanan / gratis iyuran.
Makaten punika kinten-kinten kadadosan ingkang saged kaandharaken ing ngriki, kanthi pangajap mugi pehak kang wenang gadhah krenteg mulya ngatasi ketimpangan layanan kesehatan ing negari kang kita tresnani puniki.
Sumangga đ«Žđ«Ž
JM, sirep bocah, 19126
✍️ đđčđ»đ ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar