NGUDI KABENERAN KANGGO MULYANE NEGARA
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1Nb1VvjvNc/
Lamun kita gagas-gagas klawan meneping nala, gonjang-ganjinge kauripan ing plataran bumi nuswantara +62 kang kita tresnani samya,
pranyata sasuwene iki ya klompok wong kang mligi sing seneng nyebar pitenah. Ya emane wong-wong iku lan para pendhereke sing ngrusak tatanan prangkat negara, ya wong-wong gemblung iku sing ngrusak sabangsa kanthi mecah belah gawe crah-e masarakat bangsa, kaya-kaya ora mempan dening ukum. đ€
Akim Pangadilan minangka wali kaadilan ing bumi iki digawe ora ana ajine diidak-idak sakepenak wudele dhewe dhening wong-wong gemblung iku.
Sabenere, manungsa kang paling dibenci Gusti Allah yaiku wong-wong kang wangkot atine mbantah lan seneng padudon, ora seneng yen ana katentreman. Nerak paugerane Gusti Allah kang kadhawuhan supaya tresna tinresnana marang sapepadhanira, iku pepakon kang gedhe lan mulya kang kinarsakake Gusti.
Jebulane, ana manungsa kang pocapane landhep kaya pecahan kaca, pedhes kaya lombok rawit sing regane selangit.
Ora kanggo luru cahya, nanging kanggo ngrerujit milara kabeneran. Ya wong-wong gemblung iku ngomong ora kok golek kabeneran. Menang dhebat ora marga rangu, nanging marga atine ora gelem mingset jalaran kaangkuhane.
Kabeneran kaanggep dudu omah pangeyup, nanging mungsuh sing kudu ditendhang. Yen kabeneran katon saka ener sing ora disenengi, enggal diplintir lan mbengok nyalahake. đ€Ż
Pindha watu atos ing tengah kali, banyu kawicaksanan ora tau bisa ngresep, ora marga banyune kurang bening nanging ya marga jroning nala nampik telesing rasa.
Salam tentrem rahayu muga kaesokake dening Gusti Kang Ma' Asih mring kita sabangsa, bangsa Indonesia.
Eling.....,
Guyub rukun agawe santosa đ€
Crah agawe bubrah đ✍️
Rawe-rawe rantas, malang-malang putung đ§đ
Sayuk-sayuk rukun ro kancane, bebarengan kanggo mulyane negara... đ€đ€đ«Ž
JM, sirep-bocah, 23126
✍️ đđčđ»đ ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar